Mohon tunggu...
Kaseri
Kaseri Mohon Tunggu... Guru - Guru SMA Negeri 1 Jombang

Saya adalah seorang yang ingin selalu berubah dan berkembang lebih baik. Di setiap kesempatan, saya selalu berupaya mengambil peran maksimal. Pengalaman Terindah, saat terpilih dan menjadi duta di ajang "Indonesian Youth Leadership Programme" di Washingthon DC, United State of America (USA)

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Khutbah Jum'at: Perbanyak Istighfar

9 Februari 2023   13:50 Diperbarui: 9 Februari 2023   13:54 264
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sosbud. Sumber ilustrasi: KOMPAS.com/Pesona Indonesia

Khutbah Jumat

"PERBANYAK ISTIGHFAR

Oleh Kaseri, Gebangmalang, 10 Februari 2023

Hadirin Jamaah Jum'at rahimakumullah,

Monggo kito sareng ningkataken taqwa dumateng Gusti Allah, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printahipun soho nebihi sedoyo awisanipun. Supados kito sedoyo pikantuk kawilujengan soho kabegjan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.

Setunggale tindak lampah ingkang kalebet taqwa nggih meniko maos istighfar utawi nyuwun pengapuro dumateng Gusti Allah. Allah paring dawuh wonten surat al-Anfa33 :

Artosipun: Allah ora bakal nyikso wong-wong iku selagine sliramu (Muhammad) ono ing tengah-tengahe wong-wong iku. Lan Allah ora bakal nyikso wong-wong iku selagine wong-wong iku podo gelem Istighfar (njaluk ngapuro) 

 

Ma'asyirol Muslimin rahimakumullah

Ayat kasebat paring pituduh dumateng kito bilih ngatah-ngatahaken maos istighfar minongko sarono ingkang sae lan saget nyepetaken tumuruning pitulungan saking Allah SWT. Milo wonten setunggale dawuh Nabi saking riwayat Ahmad saking Ibnu Abbas:

Artosipun: sopo wonge ngakehno moco istighfar, mongko Allah bakal paring kajembaran saking saben-saben karupekan, kasusahan, lan Allah bakal paring rezeqi kang ora kesongko.

Lajeng istighfar saget ngelebur duso kados ingkang sampun Kanjeng Nabi Muhammad SAW dawuhaken:

  :

Artosipun: Nabi Muhammad dawuh, saben-saben penyakit iku ono obate lan obate duso iku istighfar. (Hadis niki dipun riwayataken Imam Ad-Dailami saking sahabat Ali).

Dawuh-dawuh kasebat negesaken bilih maos istighfar saget ngudari kesusahan, mbika rezeki lan dados obat saking penyakit nopo kimawon. Sinten kimawon ingkang purun ngelampahi maos istighfar, insyaallah bakal pikantuk pengapuro lan rezeki ingkang jembar soho berkah.

 

Ma'asyirol Muslimin rahimakumullah

Maos istighfar kedah dipun sarengi niat ikhlas, kranten saking istighfar kito ngakoni sedoyo kalepatan marang Gusti Allah. Lajeng dados tetenger kito sedoyo bali marang Allah. Gusti Allah dawuh:

Artosipun: Lan nyuwuno pengapuro siro kabeh marang Gusti Allah lan podo baliyo (taubat) marang Gusti Allah Allah, mongko Allah bakal maringi nikmat ingkang sae marang siro kabeh ngantos wektu kang ditentuaken, lan Allah bakal maringi kawulane ingkang mulyo kaliyan kamulyane. Lamun siro kabeh mengo (berpaling), mongko saktemen ingsun kuatir siro kabeh bakal disikso ing dino kiamat (Q.S Hud: 3)

Ayat meniko njelasaken perintah kagem kito sedoyo menungso ingkang katah keluputan lan duso supados iling, ngakoni sedoyo tindak lampah awon. Kranten sinten kimawon ingkang mboten nate nyuwun ngapuro sami kaliyan tiyang ingkang gumede, sombong, akhire dipun sikso mbenjeng dinten kiamat.

 

Ma'asyirol Muslimin rahimakumullah

Waosan istighfar ingkang mashur nggih meniko "astaghfirullah al-adzim wa atubu ilaih", ananging langkung sae maleh maos sayyidul istighfar:

Artosipun: Duh Gusti Allah, panjenengan gusti kulo, mboten wonten gusti lintu kejobo panjenengan. Panjenengan ingkang ndadeaken kulo. Kulo kawulo panjenengan. Kulo lampahi sedoyo perintah panjenengan semampu kulo. Kulo nyuwun karekso saking tindak lampah awon. Namung dateng panjenengan, kulo ngakoni nikmat ingkang panjenengan paringaken. Kulo ngakoni sedoyo duso, milo kulo nyuwun panjenengan ngapuro duso kulo, kranten mboten wonten ingkang ngapuro duso kejobo panjenengan.

Akhiripun, mugi-mugi kito sedoyo saget kecatet dados tiyang ingkang istiqamah maos istighfar, saget ndadosaken wiridan kanti istiqamah. Lan dados wasilah kita wangsul ngerso dalem Alloh kanthi kahanan Husnul Khotimah. Aamiin YRA

KHOTBAH KEDUA

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun