Mohon tunggu...
Kaha Anwar
Kaha Anwar Mohon Tunggu... Serabut-an -

MJS Press

Selanjutnya

Tutup

Puisi

nDang Balio Nas

25 Juli 2011   03:09 Diperbarui: 26 Juni 2015   03:24 238
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Wengi, kiro-kiro ba’da isyak. Suoro titir soyo rame, koyo usume takbiran wayah malem bodo riyoyo. Sorot lampu senter, oncor, sentir pathing cemlorot. Ngalahke sinare rembulan sing wingi kuwi katon remeng-remeng. Suoro wong-wong podo pathing bengok. Koyo eneng sing wigati. Koyo ono barang sing ilang. Nanging opo utowo sopo sing ilang? Rojokoyo? opo prawan deso?..ah ora mukal yen barang-barang kuwi sing ilang. Desoku iseh tentrem, kanggo sak wetoro wektu iki, ora ono kedadean kang ono sangkut paute karo maling. Mergo ora ono barang sing aji neng deso iki. Selain iku, masyarakat desoku yo iseh podo sregep rondo. Iseh seneng podo turu nang thethekan. Pos rondo neng pinggir prapatan kae memang dadi cangkrukan gratis tumrap wong kampong-kampung. Ora mung dienggo pos jogo nanging yo dadi panggonan remi, ceki lan sakpenunggalane. “kanggo konco melek”, ngono kuwi ujare wong-wong yen ditakoni karo Pak Lurah.

Mosok prawan deso ilang? Sopo sing wani nyolong prawan? Mosok ono demit nyolong prawan? Opo demit ngisor wit kae yo seneng ngingu prawan, koyo ‘wong-wong gedhe’ ngingu gundhik-gundhik?. “la demit kuwi kan artine adhem-adhem nang ngisor wit. Yen adem koyo ngono enake yo golek anget-angetan. Lha angetan-angetan sing enak rak yo kuwi tho?”. Jawabe Lek Ju angger ditakoni masalah demit lan prawan pas podo jaduman nang kerdu. Alah-alah iku rak yo mung akal-akale wong saiki. Corone wong nyamarke perkoro kang sak tenane mung kanggo nutupi wadi. Ngumpetke prawan-prawan sing arep mung dienggo muaske nafsu. “lha yen tenan piye”, takoni Lek Min. “yo jenenge demit kurang ajar. Moto jlalatan. Ngerti wae yen prawan ke enak. Aku wae durung wani ngumpetke, kok demit wani nglangkahi lakonku?”, jawabku. “mulane kowe ndang dadiyo demit, ben wani gondhol prawan?”, kondhone Lek Ju karo ngakep rokok tingwene. Wong-wong sak kerdu guyu cekikan karo matane ngalor ngidul. Embuh opo sing ono pikirane wong-wong lanang ing wayah wengi kang adem mergo musim ketigo ngono kuwi.

Bener, wong-wong sing pathing brengok lan sorote lampu-lampu kang koyo oncore pasukan Mataram arep perang nglawan pasukan Pajang kae ora arep takbiran. Ono sing wigati, koyo ono barang kang ilang. Nanging opo utowo sopo? Aku pengen deleng. Aku pengen mbukteke yen wong rame-rame kae ora arep takbiran. Aku oncat songko dingklik. Buku sing awit mau dak woco terus tak selehke.

Ono suoro tangise wong wadon sing drenginging. Tapi dudu suoro tangise prawan, tapi luwih koyo suarane ibu-ibu. yo, bener suoaro tangise ibuk. Ibuke sopo? Terus gek ngopo nangis barang nang tengah keramaian?Opo ditinggal bojone? Ah ora! Mosok ditinggal bojone wae nganggo nangis terus diarak wong-wong sing gowo alat-alat koyo ngono. Akeh wong wadon sing ditinggalke bojone yo tenang-tenang wae, ora nangis. Tatak ngadepi kahanan dewekan. Tatak ote-ote neng tengahe howo adem koyo bengi iki. Kemule mung katresnan, kasetiaan, lan kapercayan tumrap wong bebrayan. Wong ngeneki sing dak acungi jempol. Wong sing dak kagumi urepe mergo betah karo kahanan urip kang kasaput kasepen. Ora koyo cerito-cerito sing dak woco neng koran-koran opo tayangan nang teve kae. Okeh wong podo selingkuh mergo ditinggal sing lanang utowo sing wadon nyambut gawe neng monco. Sing luwih gawe miris yen ono bapak malah ngrudo pekso marang anake dewe. Yen wis ngeneki jenenge kebangeten banget. Yen ditakoni sebab-musabab tumindake jawabane: khilaf, ora biso ngempet nafsu mergo ditinggal bojone dadi TKW. Aku mung gedek-gedek: ora to biso ngempet nanging tarah kurang ajar. Wong lanang sing banci, wong lanang sing senenge ngujo nafsu. Uwis direwangi bojone kerjo nang monco ealah malah nang omah gawe perkoro. Aku ora cerito masalah kuwi, suk-suk wae dak tulise nang bab seje.

“Nas, nang endi kowe tho Le? Mbok ojo gawe susah mbokmu, bapakmu, tonggo-tonggo. Yen nesu ojo koyo ngene ki? Delik yo delik nanging ojo banjur ilang ngeneki. Ndang balio Nas?”. Suoro wong wadon sing mau nangis mau saiki gelem nyouro, ora mung nangis wae.

Aku nyedak. Melu ntrambul wong sing teng krumun iku. Oh..jebule sing nangis Bulek Rum. Lho ngopo anake Bulek Rum kok ditangisi. Kok podo digoleki rame-rame koyo wong takbiran iki. Memang Nas, anake Bulek Rum, nang endi? Minggat po piye? yen minggat mergo masalah opo? Bulek Rum iseh nangis karo melu nabohe panci sing biasane digawe godok telo opo njarang banyu. Memang koyo ngono kuwi adate desoku yen ono wong ilang. Biasane podo nabohe alat-alat masak: panci, dandang, tampah, lumpang lan liyo-liyone. Ilang mergo dideleke karo bongso lelembut.

Bongso lelembut seneng banget ngumpetke wong-wong sing lagi nesu. Opo meneh nesune wayah surup, sing jare akeh banget sandikolone. Wayah-wayah surup kuwi okeh sandikolo sing podo metu soko panggonane. Demit-demit podo teng sliwer turut endi-endi. Mulo wong-wong tuwo podo ngandani anak-anake ojo podo mlaku-mlaku sak durunge kentong magrib. Ojo podo padu, tangisan ing wayah-wayah kuwi mergo biso nyilakani. Lawang-lawang kudu cepet-cepet ditutup, wong sing iseh turu podo kon tangi, termasuk bayi-bayi sing lagi angkler turu. Kebiasan sing iseh dak gowo nganti sak iki yoiku ngubengi omah ping telu karo moco-moco dongo, biasane sing dak woco ayat kursi. Saben pojokan omah aku mandek dedongo marang Gusti Kang Murbowaseso: Nyuwun kaselamatan, kesehatan lan sak panunggalane. Yen tak piker-pikir asline ajaran kuwi ora mung perkoro karo bongso lelembut, nanging luwih jluntrung ajaran setiti, ati-ati, waspodo. Sopo ngerti ing wayah iku ono sak kiwo tengene omah sing durung bener: ono pithik sing durung mlebu kandang, lawang-cendolo sing durung ditutup, waspodo mbok menowo ono maling sing wis ndingkek lan liyo-lyone. Nanging opo sing dak omongke kuwi saiki mung diguyu, diarani wong katrok percoyo karo tahayul. Nangingkan kuwi ajaran apik, ngajarke sikap waspodo. Jogo samubarang kang dadi tanggung jawabe awake dewe. Saiki, paling, wis jarang wong tuwo ngandani anake ojo metu wayah surub malah sakwalike bocah nom-noman yen wayah sore wis podo nylekithit, dandan rapi, siap diumpetke, diajak ngalor ngidul karo demit gundul ireng. Bopo biyunge malah seneng yen anake di apeli demit gundul ireng…hem

Padange sentir, ramene suoro titir ditambah suoro tangis nambah bengi kuwi soyo tintrim. Nas, Nasimen ilang soko omah. Minggat ninggalke bopo biyunge. Nanging ono perkoro opo kok nganti Nas nglakoni kuwi kabeh? Opo Nas jalukrabi? Oralah, Nas kuwi iseh cilik. Iseh umuran SMP. Opo jaluk motor sing apik-apik kae? Mungkin wae. Aku krungu-krungu yen Nas minggat mergo nesu kekarapane ora, sing jelas durung, dituruti karo bopo biyunge. Opo sing dijaluk karo Nas? Hp..yo Hp Qwerty. Hp model saiki.

Nas, penah ngomong karo biyunge yen pengen ditukoke Hp model saiki. Soale Nas isin karo konco-koncene sing uwis podo duwe Hp. Nang sekolahan okeh konco-koncone sing podo gowo Hp, mung Nas wae sing durung duweni. Nas rumongso isin. Isin mergo ra iso ngimbangi pergaulane konco-konco. Ora iso ngimbangi kehidupan modern. Nas pengen ditukokke Hp sing apik kuwi.

“Hp koyo ngono kuwi arep mbok enggo opo tho Le?”, pitakone biyunge Nas. Pitakonan kuwi wajar tumrap ibune sing rumongso bocah sak mono kuwi durung banget merloke alat komunikasi sing aneh-aneh. “Yo dienggo SMS-an to Mak. SMS-an karo konco-konco. Yen sak waktu-waktu ono tugas soko pak/ bu guru dadi Nas ora perlu kedandaban. Mlayu ngalor ngidul takon karo konco-konco. Ben kepenak leh sinau”, jawabe Nas karo lagak sok yakin lan percoyo yen barang kuwi migunani tumrap awake.

“Lha yen mung arep dienggo SMS-an, kae Hpne kakangmu sing dek ben diparengke nang kowe”, suarane ibuke karo dudingi Hp sing ono nang duwur bipet. Hp lawas nanging isih biso dienggo SMS-an lan nompo telpun.

“Nanging Hp kae jadul. Ora gaul. Ora koyo Hp ne bocah-bocah saiki. Hp ketinggalan jaman. Yen aku kon nganggo Hp kae mengko kondone kanco-koncoku opo: mung dipaido wong ra gaul. Wong katrok!”, suarane Nas, rondok diduwurke.

“Iku rak mung kandane konco-koncomu. Wong konco-koncomu kuwi rak yo durung biso golek duwit dewe. isone mung nyadong wong tuwo. Kentekan pulsa yo isih krengak-krengik karo wong tuwane. Ora usah nurute lambene konco-koncomu. Ora usah nuruti jarene jaman sing sak tenane mung jlomprongke aweke dewe. karepe iklan-iklan kae rak yo mung ngakon tuku barang-barange, mung kon mayoke dagangane!”, jawabe ibune.

“Hp iku iso dienggo pacebookan. Iso dienggo deleng video. Iso dienggo moto, ngrekam gambar-gambar. Mengko mamak dak poto terus tak apluod nang FB ku, trus Nas tulisi nang status FB: iki mamake Nas. Mamak sing ayu dewe. mamak sing pernah arep dirabi karo artis kota tapi malah milih pak Sugeng, wong ndeso nanging bagus dewe (yen dewe..karo cekikikan). Pak sugeng sing duweni brengos koyo Gathotkoco. Mamak sing biyen pernah dadi kembang deso…pokoke lewat Hp kuwi aku arep aweh kabar nang donyo yen aku wong deso berpikiran kuto. Aku arep aweh kabar, arep buktike sing berhak genggem kemajuan jaman ora mung wong sing kluyuran nang kuto-kuto kae. Lewat Hp kuwi aku arep kenalan karo cewek sing huayu-huayu. Arep nglamar artis sing paling itikiwir, sing paling zemok. Sing duweni awak koyo gitar itali opo pranciskae. Ben aku betah nang ngomah, ben sarungan terus. Mangan ra mangan sing penting iso kumpul karo slirane. Sing jelas aku arep ngalahke bapak sing iso mikat atine mamak, kembang deso..hehe”, rimuke Nas.

“Halaah, bocah sisi wae durung jegos. Mangan wae iseh kon dulang kok omongane koyo wong sing wis jegos golek duwit. Golek pangan. Ora usah duweni pikiran grangsang. Ora usah gege mongso. Kowe kuwi ish cilik. Iseh wayahe sinau, wayahe ngudi ngelmu sing sak akeh-akehe. Sekolaho sing bener. Dadio wong sing pinter lan bener trus nyambuto gawe sing jujur lan bener yen wis iso ngadek dewe sak karepmu arep rabi sopo wae, mamak ngrestoni. Sing penting podo tresnane!”, kandane ibuke.

Nanging saiki Nas pengen duwe Hp qwerty, mak”.

“Iyo mengko yen wis duwe duwit. Delengen kae gaplek durung garing. Mepe gaplek wis pirang-pirang dino durung garing-garing. Angel panas. Mongso ora karuan: sedelet panas, sedelet maneh mendung. Durung regane gaplek yo mudun. Ora cucuk karo rekasane leh apek telo. Arep adol gabah? Gabahe sopo maneh. Musim panen iki ora ngunduh mergo wis dienteke wereng. Dibyong omo.. panen mung 30 karung wis didol go nyaur utang. Dienggo bayar rabuk, banyu, obat-obatan pari. Terus dienggo bayar daftar ulang sekolahmu. Nukoke seragammu. Tuku buku, LKS lan liyo-liyone. Wis ora ono duwit..kae isih ono gabah telung karung dienggo jogo-jogo suk yen bodo riyoyo. Sedelet meneh poso trus bodo. Yen bodo ra duwe opo-opo yo malah susah. Opo kowe gelem cringisan, tremis urip nang wayah bodo? Ora tho? Mulo kuwe kudu iso ngempet kekarepanmu kuwi!”, kandane ibu.

Nas tetep bregudul karo kekarepane. Nas ora ngerti kahanan sing lagi paceklik iki. Tetep ngotot kon nukokke Hp. Sak jane ibune yo ora tego yen deleng anake nangis ngono kuwi. Ora tego yen anake ketinggalan jaman. Ibuke ora pengen anake nglakoni koyo uripe deweke biyen: sing keronto-keronto. Opo sing diomongke kuwi kabeh mung ben dienggo pembelajaran Nas. Ibune ora pengen duweni anak sing gampang kepencut karo ambyore donyo. Latah nuruti jaman. Lan sing jelas memang bopo biyunge durung duwe duwit. Gaplek sing dijagake durung garing, malah terancam ora payu didol mergo rupane geplek wis ireng-ireng. Uwis arep dadi gatot sing enak dipangan karo parutan klopo kae.

Nas tetep bregudul karo kekarepane. Atine wis dipetengke karo penjalukane: Hp qwerty.. wayah surub Nas lungo songko omah. Ora pamit. Bopo biyung ngiro lungane Nas paling mung nang gone simbahe, mergo biasane angger nesu terus playune nang gone simbah. Bopo biyunge isih ayem. nganti telung dino Nas ora bali. Bapake goleki nang one simbahe, nanging ora ono. Ditakoke konco-koncone jare ora podo ngerti. Nang endi kowe nas?

Nganti seminggu nas ora bali. Bapak biyunge soyo susah. Kabeh panggonan sing biasane dadi dolane yo ditakoke, nanging ora podo ngerti. Bopo biyung soyo susah. Ditakoke wong pinter, jawabane Nas lagi dideleki lan ono ing salah sawijene panggonan. Nanging sopo sing deleke lan nang endi panggonan kuwi?

Wengi kuwi kabeh wong sak kampong nyarati yen sak upomone nas dideleke karo bongso lelembut ben cepet dibaleke. Nas, nang endi kowe?

“nDang balio, Nas. Ojo terus delik ngeneki. Ojo gawe susahe wong sak deso. Ojo mung nuruti karepmu dewe. nas, ndang bailo tho Le!”

Yogyakarta, 25 Juli 2011

Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun