"Wadhuh...kok ndadak dhedhe to?"
"Ben sehat lan kebal awake, mbakyu. Ora kena virus Corona"
"Tapi yen dhedhe jam sepuluhan kan isa ireng. Gosong aku mengko."
Ing sakiwa tengene awake dhewe, kerep ana sing ngeyelan yen didhawuhi. Dijak dhedhe miturut imbauan petugas kesehatan we angel. Padhahal yen dhedhe kan marakake awak sehat.
Orasah ndadak kemaki lan kemayu, wedi ireng lan gosong awake. Yen akhire rada ireng ya ora papa kan? Sing penting sehat, kuat.Â
Wong bule wae seneng dhedhe kok, mosok awake dhewe ora. Perkara ireng kan emang gawan seka kanane. Wong sing lair lan urip ing Indonesia iku awake cenderung sawo matang.Â
Dhedhe iku ora butuh wektu suwe kok yoan. Cukup sepuluh tekan limalas menit. Awak isa kringeten lan kandungan Vitamin saka srengenge marakake awak luwih sehat lan daya tahan tubuh luwih sip.
Dhedhe kuwi dhewe akeh manfaate. Sami pirsa to nggih? Miturut informasi sing dakwaca ing mbah google, manfaat dhedhe dak jlentrehke ya!
Srengenge iku bisa mbiyantu awak anggone gawe Vitamin D sing alami. Kuwi wis diwulangake ibu lan bapak guru, pas isih SD.Â
Ping pindho, bisa ngurangi tingkatan depresi. Awake dhewe ngerti dhewe yen depresi malah bisa marakake awak ora sehat. Yen lara pikir, dadi lara awak.Â
Isih kaitan karo ngurangi depresi, srengenge bisa marakake ati seneng lan tenang, tentrem. Yen wis mengkono, wong sing seneng dhedhe mesti kualitas istirahat lan sarene luwih apik. Dadi awak luwih bugar lan fit.
Sakliyane kuwi, tulang luwih kuwat. Osteoporosis lan radhang sendhi bisa dicegah. Banjur kanggo ibu-ibu hamil, bisa ngurangi resiko lairan prematur.
Wah...hebat tenan faedhah dhedhe ya! Kaitan karo awak pancen apik banget. Kekebalan tubuh bisa mundhak.Â
Nah, wis padha pirsa kan? Dadi ya kudu tetep dhedhe ya! Dieling-eling mawon, yen awak ireng iku ora popo. Sing penting awak sehat.Â
Sssttt... Rasah dho wedi ireng ya! Ireng iku manis lan marai tambah eksotik. Akeh sing ngunu kuwi.Â
Ning ya aja nganti kesupen. Gandheng saiki wayah pandemi virus corona, padha tetep ing dalem, istirahat sing kathah, dhahar dhaharan sing sehat kayata janganan lan woh-wohan , olahraga lan penggalihe ampun ngombro-ombro.Â
Kekebalan lan kekuatan tubuh kan mbetahake pikiran positif. Kenging waspada nanging ora sah dipenggalih banget. Mugi-mugi Gusti Allah enggal mendhet virus Corona. Dikathahi ngibadah lan le ndedonga marang Gusti Allah.
Yen badhe tindakan ampun kesupen kaliyan masker. Diagem nggih. Supados awake piyambak saget waspada, soale awake dhewe mboten ngertos, sinten sing terpapar Virus Corona lan sing mboten terpapar.
Sampun nggih. Benjang enjang, ampun kesupen dhedhe!Â
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI