Jenenge Manut. Bocah menthik methisil iki pancen bocah paling ditresnani karo ibune. Meh mben bengi ebesse nelpon. Jarene kangen karo anak lanange.
Saben sore babar sinau, jam wolu tet Manut wis nyangkruk ndek cendelo kamar asramane. Cendelo kamar nomer rongatus patang puluh papat iki pancen nggon sing adem silir-silir. Dikancani godhong kersen garing sing keplayu-playu digowo angin, Manut dundum cerito karo bapak ibune.
Rak kroso, wis meh nem wulan Manut mranto. Nimbo elmu sak jerone roso. Mung kuwi sing dadhi kareppe. Pingin nyenengne bapak ibune ndek omahe kono.
Manut kuwi urippe lucu, nyenengne tapi yo ngesakne. Aku mung ngguyu dewe saben ngrungokke ceritone. Mbrebes mili mripatku. Aku ra iso mangan lek durung ngrungokke ceritane nganti bar.
Aku yo mung melu seneng lan bersyukur karo Gusti Sing Kuoso. Piye rak melu seneng, yen kelingan tutur tinutur si Manut mbien karo ebesse.
Mbien atine mung isine pegel. Pait nyethak neng atine nyang ebesse. Be’e nyetak e meh mirip koyo kopi rak diawuri gulo. Mbuh menawi yo meh podo koyo paitte jamu temu ireng sing diwedheni bocah-bocah.
Ebesse kuerrenge pol. Saking kerrenge, si Manut nganti kewedhen yen krungu suworo wathuk ebesse. Padahal ebesse jek adoh soko panggennane. Mlayu terbiret-biret koyo tikus dauber kuceng.
Lek ra ndhelik neng njerro omah, yo mung ethok-ethok turu awan. Manut mung nyolong-nyolong dholanan karo kancane. Playon karo dholanan dheli’an, nguber layangan, pene’an wet kersen, luru asem – ceplu’an lan morbei neng kebon mburi omah.
“Manut Manut. Jeneng mu kuwi lho Manut tapi kok yo rak manut blas,” jareku nyang Manut karo nggeplek gegerre sambi ngrungokke ceritane.
“Kowe gelem ngrungokke ceritoku rak Ndol?” Manut malah bali takon nyang aku…
Mandeg sek… entenni sesuk menneh yo Nut… kesel aku, arep sinau sek...