Tengara Tengah Wengi
Swara kenthongan  kitir matalu talu
Swara jangkrik sesautan nambahi rasa tintrim  wengi iki
Sang sitaresmi padatane mesem sumilak
Saiki saparan paran anggone ndhelikake awak
Lawang-lawang den tutup dhipet
Damar senthir mobat mabit katerak anggin kang lumebu saka ngisoring lawang kang bolong
Swara jingklong mbrengengeng sesautan sajroning senthong
Lawa kalong sesautan pating kleper ing wit kamplong
wengi sangsaya tintrim
Reeep sirep
Sakiwane damar ublik komat kamit hyanyenyun marang hyang khalik murih sekabehe becik
Para warga desa turu  kepati ngenam impen urip mukti
Nglerenake awak kanggo ngadhepi kasunyatan sing ora kepenak
Nentremake anggit kang wus nggurit pangangen selangit nanging  hamung nampa rasa pait
Penakna awak najan kabeh reregan mundhak
Penakna awak kanggo golek ragate anak
Reep sirepÂ
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI