Pambiji baka siji
Siji baka siji driji miwiri
Kertas meh ewon lembar  yekti
Saben wangsulan ing lembar kertas dak titi
Ya amung paring pambiji
Najan durung nyedhaki ekspektasi utawa pangarepe ati
Nanging kudu paring pangaji.
Jejere dwija basa Jawa ing iki mangsa
Ora pareng nelangsa
Sanajanta siswa sing paham nora sepira.
Nanging saorane isih bisa paring wewarah
Supaya darbe budi ing saben bocah
Muga ing gesange tan ana panggresah
Muga ing gesang tansah bisa gumujeng sumringah
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI