Mohon tunggu...
inu wicaksana
inu wicaksana Mohon Tunggu... Dokter - Dokter Psikiater

Dokter Psikiater

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Crita Pesindhen ing Perang Kemerdekaan

31 Mei 2021   09:02 Diperbarui: 31 Mei 2021   09:06 168
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

 Crita_Pesindhen_ingPerangKemerdekaan

Wisnu Puspodikoro

                    Jenenge Mintarsih, asline Mintarsih AdiSwara, lho rak apik tenan ta. Pancen dheweke di gadhang gadhang dadi pesindhen, kaya simbah lan simboke.

                  Pancen saka Gunungkidul ki wiwit jaman semana akeh pesindhen pesindhen sing kaloka. Nanging simboke banjur pindah neng Imogiri klebu wilayah Bantul, lan bapake dadi tani lan gawe kerajinan.

                 Mintarsih isih umur 15 tahunan, begja dheweke wis ngrampungke SR e ing umur 13 tahun. Wiwit iku Mintarsih dadi pesindhen, sakliyane ngewangi simboke dodolan panganan lan barang kerajinan ing Parangtritis.

               Mintarsih sing sulistya dadi kenya pejuang. Deweke nyengkuyung lan "kerjasama" karo pasukan gerilyawan TP pimpinane Darmasto.
             
       ,, ,,Mintarsih sing awake weweg padhet lan rambute ireng ngandhan andhan kuwi pancen ora kinira yen dheweke melu berjuang mungsuh penjajah Walanda.

             Mintarsih pancen wis eram lan "terpesona" karo Darmasto, nanging wektu kuwi durung kewetu apa apa. Dene Darmasto, nomnoman gagah pideksa sing brewok, 20 tahunan,  pancen wis ana rasa simpati marang kenya ayu kuwi, ning jalaran isih masa perjuangan dadi sing kaya ngono kuwi ora kepikir. Sing baku numpes lan ngusir penjajah Walanda.

                                  ***

           Ya merga entuk pitulungane Ki Waskitakusuma, priyantun sing dhukdheng sekti mandraguna, jare isih darah ningrat, mbuh saka Ngayogja apa Solo, saben saben Mintarsih bisa slamet. Dene carane mangkene.

                   Saben saben Mintarsih nyindhen lan njoged tayub, banjur narik kawigaten pasukan Landa teka, merga Landa sakyektine ya seneng karo tontonan tayub utawa "ngibing" kuwi banjur dumadakan digempur gerilyawan pimpinane Darmasto.

                   Landa kicar kacir, poyang payingan. Akeh sing tiwas. Mintarsih ilang sak niyagane, ora kawruhan Landa.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun