JULES VERNE
PENGARANG SASTRASAINS SING KHAYALANE BISA KLAKON TENAN
dening Inu Wicaksana
Jules Verne, sastrawan sains Prancis sing pangangen angene luwih saabad kepungkur saiki bisa klakon. Umpamane "menungsa numpak balon ing angkasa", "menungsa bisa ndarat ing bulan", "menungsa ngubengi donya sajroning 80 dina", "lelana nyilem nganggo kapal selam 20.000 mil ing dasaring samodra".
Kangmangka jaman semono durung ana radio, TV, prau silem, montor mabur, balon angkasa, lampu neon, peluru kendhali, nanging Jules Verne bisa ngayalake barang barang kuwi ing karangane.
Jules Verne lahir ing kutha Nantes, negara Prancis sisilh lor ing tahun 1828. Miturut nasehat wong tuwane deweke nerusake pasinaone ing Fakultas Hukum Paris. Kangmangka saktemene dewekne ora nyenengi studi kuwi, sing disenengi sayektine studi sastra.
Mula sakwise ngrampungake sekolahe, kanggo ngragadi uripe kanti teratur, awan deweke nyambit gawe ing sakwijining agen biro valuta asing, sinambi dadi sekertaris teater lirik/opera. Bengine deweke nyinaoni bidang matematika, fisika, geografi, biologi fauna lan flora.
Kabeh iku kanggo nyengkuyung kesenengane mengarang. Deweke uga sregep ngunjungi perpustakaan nasional kanggo nguwasani istilah istilah teknik.
Diwiwiti kanthi nulis lakon lakon teater sing dimainke lumayan sukses, akhire tahun 1863 jeneng Jules Verne dadi kawentar merga novele "Limang Dina Nunggang Balon". Kuwi awale karir Jules Verne dadi pengarang pionir sing adedasar sains ( ilmu pengetahuan). Kanggone Jules Verne, sains awujud gerakan tanpa mandhek sing sumbere saja menungsa lan kudu mbalik marang menungsa maneh kanthi nggawa pengetahun akeh, Â idaman sarta impian.
Kabeh kuwi kudu dikendhaleni ngutamaake kebutuhan lan kepentingane manungsa sarta siap kanggo nglayani, tanpa memperbudak manungsa dewe.
Bukune sing asesirah "Cathetan Padinan Sawijining Wartawan ing tahun 2890" nyritakake menawa ana kuta Universal, yakuwi ibu kotane donya, sing duwe dalan dalan ambane 1000 yard, gedhong gedhong sungsun ing sakiwa tengene. Dicritakake wong wong bisa ngalahake alam, Kutub Utara wis isa ditanduri. Barang lan kahanan sing mokal ing jamane Jules Verne. Saiki wis kabukten ana temenan, kayata montor mabur, kapal selam, gedhong sungsun, peluru kendhali, lampu neon, lsp.
Emane Jules Verne bisa ngalami  kabeh panganen angene sing saiki bisa klakon tenan. Bukune diterjemahke ke sakabehing bahasa sakdonya. Khususe ing Prancis lan negara Erupa bukune diwaca saka bocah, muda lan tuwa. Deweke dikenang awujud "peramal" sing tangguh. Sing ramalane bisa kedadeyan tenan.