Mohon tunggu...
Ikrom Zain
Ikrom Zain Mohon Tunggu... Tutor - Content writer - Teacher

Hanya seorang pribadi yang suka menulis | Tulisan lain bisa dibaca di www.ikromzain.com

Selanjutnya

Tutup

Lyfe Pilihan

Wis Rek, Ojok Ndableg: Ndek Hamur Ae!

4 April 2020   16:58 Diperbarui: 4 April 2020   17:03 447
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Arek-arek iki ancene ndendeng kok. Wis ngerti ya lek pasien sing postif corona matek sak ndayak kerap jek pancet ae nglayap anjok endi-endi. Padahal saiki embong akeh sing wis ditutup. Akeh kampung pisan sing wis nggawe portal cek wargane gak njemunuk ublem utem.

Iki maeng cek kabeh padha manut karo ajuran ambek himbaune pemerintah lek kabeh kudu ndekem ing hamure dewe-dewe. Leg gak kepepet kate tuku badogan utowo sing penting liyane yo ojok kelayapan. Wis ndek njeruh hamur ae. Embuh masak, umbah-umbah, korah-korah, opo mbadog. Sing penting awakmu gak metu nang embong lek gak puenting nuemen.

Tapi yok opo maneh ya. Jenenge wong iku seje-seje. Onok sing manut yo onok sing ora. Opo maneh arek-arek enom, kera-kera licek sing sak karepe dengklek. Wis dikandani ojok metu puancet ae ndablek. Ora mek nang warung tuku gula, malah embuh anjok tekan nangdi-nangdi ngukur embong. Gak e iki nyowomu piro he?

Terus kadang lek dikandani arek-arek iku onok ae cangkeme. Sing jarene yo wis urip-uripku dewe lek ublem hamur tikas yo babahno. Oh ancene njaluk dithutuk. Yo lek penyakite mbok gowo dewe lha lek nulari wong liyo sapa sing kate tanggung jawab?

Opo maneh awakmu lek jek enom jek kuat ora keroso loro blas lek kenek korona iki. Paling mek semriwing watuk rodok ngiklik. Diombeni jahe tahes maneh. Lah lek penyakite mbok kekno embah-embah sing wis kewut terus yokopo? Durung sing duwe jantung, diabet, lan liya-liyane. Opo koen gelem ngepek dusone wong sing mbok tulari? Lak wegah kan?

Mangkane iku, masio awakmu ngeroso jek enom, jek tahes komes, jek iso sembarang kalir wis ojok aneh-aneh. Lek gak onok keperluan sing puenting ojok metu. Lek kate idrek golek ojir kepepet nang njobo ojok lali nggaweo masker. Ojok seneng grumbal-grumbul. Lek kate ngopi digowo nang hamur ae. Nggaweo kafe ndek njero hamur. Emboh mbok dadekno koyok ndek Mall-Mall yo gak popo.

Koen kate nang Mall yo ditutup. Kate nang kafe yo digusak karo silup sing saiki patroli ngubengi kutho.  Gak kakekan cangkem koen iso dilebokno penjara. Opo maneh saiki wis onok peraturane.

Dokpri
Dokpri

Dadi, ayo diempet sek. Lek awakmu kabeh kepingin iki ndang mari yo ndek hamur ae. Ndunga sing akeh. Ojok lali lek onok rejeki akeh ojirmu mbuwak-mbuwak iku meloko donasi gawe dokter perawat sing butuh APD. Diempet sek lek pingin konser. Pasangen iku aplikasi smule, tiktok, ambek kanca-kancane. Lek pengen ketemu konco yo video callan disek.

Kodew sinam nggawa tas kresek

Uklam-uklam anjok tekan pasar

Wayahe corona nang hamur disek

Sopo ngerti mben ketemu langsung ibar

Mohon tunggu...

Lihat Konten Lyfe Selengkapnya
Lihat Lyfe Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun