“Pras deloken aku nggawa opo iki” Pandu njawil kancane karo bisik-bisik alon
“Opo to Pan, kowe koq nyalawadi banget” Pras ngintip kresek cilik sing digawa Pandu, Yudhi uga melu-melu
“Wah kowe Pan, wani-wanine nggawa ses dor” Yudhi mbengok tapi langsung dikekep karo Pandu
“Hushh ojo banter-banter to Yudh, ngko nek mireng ibuk aku iso didukani entek-entekan”
“lha kowe yo nemen koq Pan, mosok tarawih malah sangu kembang api ngene” Pras takon kanthi suara alon
Pandu ming cengar-cengir di skak kamerad e kaya ngono, bocah sing pancen watake jahil kuwi malah nggaya macak ustadz ,ngubetke sarung ning gulune, terus munggak dingklik ning ngarepe
“Dadi sedulur-sedulurku kabeh, wulan pasa iku wayahe kanggo ngakehi amal. Amal iku luwih becik nek ora dieling-eling. Nah kembang api sing tak gawa iki uga salah sijine bagian amal”
“Huuuu…Pandu stress, endi ono mercon ses dor dadi amal” Pras protes karo nguncalke sajadah pas ing raine Pandu, sing keno ming iso cengingisan
“Maksudmu ki opo to Pan sakjane?” Yudhi wis ora sabar karo polahe Pandu
“Hmm…ngene lho, mosok to kowe kabeh do ora kelingan ngendikane pak Usman pas khutbah wingi kae?” Pandu malah ngajak bedhekan
“Pak Usman ncen ngendika apa to Pan, kayane ora ono deh ngajak-ajak dolanan mercon, malah kuwi klebu sing ora oleh, prohibited” Yudhi tambah gumun