Mohon tunggu...
Indri Permatasari
Indri Permatasari Mohon Tunggu... Buruh - Landak yang hobi ngglundhung

Lebih sering dipanggil landak. Tukang ngglundhung yang lebih milih jadi orang beruntung. Suka nyindir tapi kurang nyinyir.

Selanjutnya

Tutup

Humor

[Cerkak Basa Jawa Ngokoan] Salahé Pitiké Dolan

22 Desember 2012   06:23 Diperbarui: 24 Juni 2015   19:12 5017
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Ing sawijining ruangan kantor polisi...

"Jenengmu sapa?" pitakoné pak polisi

"Hono pak"

"Ming Hono tok?"

"Nganggé wah"

"Honowah ngono" pak polisi sajak bingung

"mboten pak..wahono"

"ooo"

***

"Ngerti kenapa awakmu digawa mrene?"

"lha mboten pak"

"kowe tanggane bu ginem to?"

"enggih..kula pépétan gedhég kaliyan omahe mbokdé ginem"

"kowe sing nyolong pitiké bu ginem yo?" pak polisi nginterogasi maneh

"hla..mboten kula pak..kula mboten nyolong pitik..saestu wani sumprit kula"

"nek kowe ra nyolong,kenapa iso barang buktine pitike bu ginem ketemu ning omahmu?"

"pancen enggih niku pitike ting griya kula..tapi kula mboten nyolong..tenan niku pak..kula mboten goroh" wangsulane hono sengol

"lha trus piye critane?soale iki laporane bu ginem dhewe" pak polisi tambah ora sabar

"lha nggih niku to pak...wingi lak kula ngéwangi panen jagung ting nggéne juragan Sapto...baline kula diparingi jagung..trus ndilalah karunge jebol ning ngarep griya kula...."

"trus. .." pak polisi tambah emosi

"lha niku..trus pitike mbokde ginem malah marani jagung sing kutah..lha nggih mpun kula sebar mawon to jagunge..nganti tekan njero omah..lha pitike nututi sedaya,lha pas mpun nglumpuk nggih kula kurungi mawon, nek woh-wohan mangklung ting griyane tangga kan dados milike tangga..lha niki pitiké mbokde ginem nggih dolan piyambak koq,mboten kula peksa,mboten kula maling..lak leres to pak..lha salahe pitike dolan"

"embuh....bocah nek udelé telu yo kaya kowe iku...&/&+%%+#§€»¢]=¢¥»`=[>=«grrrhhhhhh"

----------------

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun