Sawijining dina bubaran sekolah
"pokoke aku arep matur pak Guru, aku emoh yen piket ngresiki kelas karo kowe, aku ora sudi sekelompok karo kowe sing anak babu" Bagus ngomel karo mencak-mencak marang Aryo sing lagi nyapu.
Krungu tembung sing ora kepenak kuwi, Pras lan Yudha sing kebeneran nunggoni Pandu rampung mbusaki tulisan spidol ing papan tulis sontak melu emosi, Yudha sing kebrongot atine wusanane ngucap
"eh Gus, ati-ati kowe nek ngomong, ojo sepisan pisan maneh mbok baleni tembungmu sing murang tata kuwi"
"Yudh..ora usah melu-melu kowe, iki ming antarane aku lan aryo, pancen aku wegah nek kon piket bareng anak ba......"
DAAAARRRRRRRRRRRRRRRRR .....keprungu suara meja digebrak sora, jebul pras sing biasane sabar uga melu ora iso ngontrol diri
"cukup gus ojo mbok terusne, yen pancen kowe emoh piket, baliya kono, aku sing bakal ngewangi aryo piket" Omonge pras karo ngempet nesu
"Wis..wis Yudh, Pras...sareh..aku ora po po pancen bener bagus koq simbok ku iku pembantu, tapi aku sayang banget, aku ora isin, malah aku bungah karo perjuangane simbok kerja abot kanggo anak-anake ben iso tetep sekolah" pungkasane aryo nengahi bengkerengan awan-awan, lan Bagus ming mencep terus metu seko kelas
***
Rong sasi sawise kedadean
Sakwise njupuk wadhah gorengan sing mau isuk dititpke ning warunge lik Jum, Aryo mancal sepedane bali nign omah, ndilalah ning ngarep pager sekolah dheweke ngerti bagus sing jebule arep bali dhewean merga dina iki ora dijemput.
"Bagus, ayo mbonceng aku wae daripada mlaku, ngko tak ter ke tekan ngarep omah" aryo nawani kanthi lila
"Ora bakal aku gelem mbonceng sepedamu sing wis setengah bosok iku, iso-iso aku kena tetanus"Â jawabe bagus anggak tanpa nyawang sing ngajak omong amarga konsentrasi marang HP anyare.
"oh ya wis nek ngono, aku ndhisik yo gus, kowe ati-ati ning ndalan" pamite aryo sing ora digagas karo bagus
***
Ora let suwe
BUGGG..... "Aduhhhhhhh!!!!!!!!!!!!!!!"
keprungu suarane bagus kelaran saka mburi, aryo sing durung adoh mengo memburi lan mbalik sanalika nulungi bagus
"Gus, ayo tak terke bali yo apa ning puskesmas, iki dengkul lan sikutmu bundhas kabeh, ya Allah, irungmu iya padha...ayo tak boncengne" aryo gupuh mapah bagus sing isih lemes nganti tekan boncengan sepeda, jebul bagus mau kesandung lan tiba krungkep ing krikil-krikil cilik sing landep-landep...iku kabeh amarga bagus mlaku karo chattingan nganti ora weruh dalan.
"Maturnuwun yo"
Bagus sing isih pringisan nahan lara, ming iso njawab lirih lan mbatin ora arep mbaleni kelakuane sing kurang ajar marang aryo utawa marang kanca-kanca liyane. Jebul wong sing sasuwene iki disepelekna lan dianggap ora sepantaran karo derajate malah sing nulungi nalika kesusahan. ora krasa ono eluh anget sing netes ning pipine bagus....
c . u . t . h . e . l
cerkak sanesipun saged diwaos wonten mriki
gambar saking coolgraphic.org