Mohon tunggu...
Indri Permatasari
Indri Permatasari Mohon Tunggu... Buruh - Landak yang hobi ngglundhung

Lebih sering dipanggil landak. Tukang ngglundhung yang lebih milih jadi orang beruntung. Suka nyindir tapi kurang nyinyir.

Selanjutnya

Tutup

Bahasa

Amarga Salah Alamat [Cerkak Basa Jawa Ngokoan]

12 Maret 2012   09:21 Diperbarui: 25 Juni 2015   08:10 2202
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Sawijining sore katon Pras, Yudhi lan Pandu lagi sinau bareng ing teras omahe Pras"

"Eh Yud, yen soal nomer loro iku piye?" pitakone Pandu

"kuwi nganggo cara sing diwarahi Bu Guru mau awan kae lho Pan"

"Oh iya...sing mau digarap Pras ning ngarep kae ya Yud" Pandu katon mudeng sinambi manthuk-manthuk

"yup betul subenar" jawabe Yudi

***

"eh..leren sik cah, iki ono es sirup, ya sepurane wae Ibu lagi tindak ning daleme Budhe dadi ora masak deh, kepeksane banyu wae ora pa pa ya cah heheh" Pras metu saka njero omah sinambi cengar cengir

"wadhuhhh.....iso semaput kaliren ki" Pandu lan Yudhi langsung koor lan ngakak bebarengan

"hmm...dasar bocah-bocah hiperbola kabeh"

***

"kulanuwun, Asalamualaikum mas " Ujug-ujug wae ono Bapak setengah sepuh wis jumeneng uluk salam ing cedhak teras marai bocah telu padha njenggirat kaget

"Waalaikumsalam Pak" jawabe bocah-bocah

"Enggih Pak, wonten kersa punapa?" pitakone Pras bingung, amarga ndelok baki isi kardus ing tangane bapak kuwi

"punika kula diutus ngaturi dhaharan mas"

"maturnuwun pak" jawabe Pras cekak

"Pareng mas"

"sumangga..ndhereaken"

***

"Wah lumayan ki cah, ayo diserbu bareng-bareng ono kerdusan ki" ajake Pras semangat marang Pandu lan Yudhi

"sik-sik sedhela mas bro....iku bancaan saka endi coba?, mau wis takon durung awakmu" Yudhi rada sujana

"oh iya..koq aku mau ora takon ya?" Pras rada mangu-mangu

"eh tapi mau kan bapake katon yakin leh ngendikan to?berarti wis bener kuwi Pras" Pandu nyoba ngyakinke bocah loro

"ah iya kuwi Pan...yo wis sip Let's Go Eat!!!!" komandone Pras

***

ing tengah gayenge kembul bujana...

"mas, nuwun sewu....wau kula klentu, jebul dhaharan wau kagem Pak Yitno, sing  griyane nomer 12, niki nomer 11 nggih?" jebul bapak setengah sepuh sing ngeteri kerdus bancaan mbalik maneh

"Astaghfirullah pak....pripun niki, lha mpun kula maem bareng rencang-rencang niku" Pras njawab sinambi keselek kanthi praupan pucet

"wah..mboten napa-napa mas, kula ingkang salah wau mboten tanglet rumiyin...nggih sampun kula nyuwun pamit mas, mboten napa-napa mangga diteraske mawon...pareng mas"

"enggg....gih pak" jawabe bocah telu lemes kisinan

cuthel

Cerkak sanes :

Amarga Salah Paham

____________________________________

*tak hanya ayu ting-ting yang salah alamat kan huahahaha....salam nggambleh dan kabooorrrrrr

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun