Mohon tunggu...
Mika Widia A.
Mika Widia A. Mohon Tunggu... Guru - Guru dan ibu rumah tangga

Ingin selalu menjadi manfaat untuk orang di sekitarku

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Piket - Cerkak - Cerpen Bahasa Jawa

25 Oktober 2023   08:57 Diperbarui: 25 Oktober 2023   09:06 332
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Injing mruput lan ngekes kula sampun budal dateng pawiyatan. Dinten punika kula pikantuk jatah piket padinan ing kelas. Piket punika salah satunggaling tanggel jawab kangge para siswa ingkang kedah dipun estokaken kanthi temen, supados kelas ketingal resik lan ngresepaken manah.

Dumugi sekolah, kelas kula taseh sepen. Kula inggal -- inggal mendhet sapu lan nyapu kelas kanthi permati. Menawi taseh resik -- resik kados sak punika kula tansah emut kalian welingipun Ibu Guru Rina, lingkungan ingkang sehat punika dipun wiwiti saking lingkungan ingkang resik, mekaten ngendikanipun Ibu Guru Rina. Piyambakipun kathah sanget ngaturaken pitutur luhur lan pendidikan ingkang sae dumateng para siswa. Piyambakipun tansah ngemutaken dumateng kula sakanca babagan pentingipun jagi lingkungan ingkang resik, supados ngremenaken penggalih nalikanipun sinau wonten kelas.

Nanging sayang Ibu Guru Rina sapunika sampun pindah tugas wonten panggenan ingkang tebih. Piyambakipun gerah ingkang merlokaken panggenan ingkang celak kalian panggenan berobatipun. Emut sedaya ngengingi piyambakipun andadosaken rasa kangen ingkang sanget dumateng Ibu Guru Rina. Kicalan piyambakipun raosipun sami kados kicalan kanca raket. Piyambakipun tansah remen mindhangetaken ngresulanipun kula sakanca lan tansah ngaturaken pitutur luhur ingkang sae maknanipun. Kula remen sanget dipun wulang Ibu Guru Rina. Sedaya pasinaon tansah gampil lan ngremenaken penggalih.

Sak derengipun Pindah Ibu Guru Rina nathe weling dumateng kula sakanca, menawi Kesehatan inggih punika salah satunggaling babagan ingkang awes reginipun, pramila wigatos anggenipun jagi karesikanipun lingkungan. Piyambakipun ugi ngendhika menawi Pendidikan dipun pikantuk mboten namung saking sekolah ananging ugi dipun pikanthuk saking lingkungan kiwa tengen kita.Ibu Guru Rina ngajeng -- ajeng supados kita saged dados pemimpin -- pemimpin bangsa ingkang badhe majengaken Negara kanthi langkung sae. Ngengingi sedaya wau mboten kraos luh kula netes tanpa saged dipuntahan.

" Din, Dina koe kenangapa nagis ?" pitakenipun Ami ngagetaken kula ingkang tansah nglamun.

"O, ora Ami, aku rapapa, namung kangen Ibu Guru Rina," wangsulan kula  dateng ami, kalian ngusap pipi.

Ami lajeng nyikep kula ngantos gagang sapu ingkang kula cepeng dawah.

" Pada Din, aku yo kangen Bu Rina, mekaten aturipun Ami wonten ing sela-sela mangseg- mangsegipun tangis Ami.

Swasana piket dinten menika kraos haru amargi kula lan Ami tansah kemutan nalikanipun sesarengan kalian Ibu Guru Rina. Kula ngajengaken bilih wonten pundhi kemawon Piyambakipun, tansah pinaringan berkah sehat lan bingah. Kula inggih janji bade dados murid kebanggan Ibu Guru Rina, ingkang saged dados penerus bangsa ingkang cerdas.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun