Mohon tunggu...
HasfitaHM
HasfitaHM Mohon Tunggu... Lainnya - Be brave be humble!

Hello!

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Iki Critaku lan Udan

24 Oktober 2021   12:00 Diperbarui: 25 Oktober 2021   05:14 352
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
gambar hujan, sumber : istockphoto.com

                                                                                                                                                                                                    Karya : Hasfita Helda Masyitoh

Jenengku Ceria biasane diceluk ria merga sesuai karo sifatku sing iso gawe wong-wong seneng utawa guyu. Aku kerja ing perkantoran bagian ngurusi administrasi sing mlebu ning kantor. Iki critaku lan udan.

Jam nunjukake waktu wayahe leren aku lan kancaku ngaso ning cafe cedek kantor. Awakdewe pesen es Americano ben kaya ning drama-drama korea. Sawise bayar aku lan kancaku jenenge Nadya guneman karo mlaku mbalik menyang kantor.

“Eh eh awakdewe ning kene yowis suwi tapi aku kok durung nemu lanangan sing cocok kanggo aku dewe. Umurku 24 taun tapi karo Bapak Ibu ku wis ditakoni kapan arep rabi ngono” celetuk Nadya

“Lha nek arep golek jodoh ya ora ning kantor ta Nad, tak saranke ning biro jodoh kono lho!” balesku

“Ogak ngono Ri, kan biasane ana istilah sing witing tresna jalaran saka kulina merga awakdewe ning kantoran ya mestine pora cepet iso ketemu”

“Iya sih, tapi iki ora kaya ning drama korea sing ngono kae lan kabeh iku ana proses sing dawa ora langsung instan”

“Aku percaya sih yen nek tarah wis jodoh bakalan petuk ya ta. Eh Ri iki langit mendung ya? Arep udan iki mestine”

“Durung tentu Nad merga biasane mendung durung tentu udan iso wae gur angin tok”

Aku lan Nadya sakdurung mbalik ning kantor shalat ning mushola cilik samping kantor sawise iku banjur lungguh ing panggonane dewe-dewe.Wong kantor iku sibuke ngalahne presiden merga sakben wong duweni peran dewe-dewe. Waktu nunjukake  jam 4 sore wayahe mulih tapi tibakno udan deres. Aku lan Nadya ngenteni neng arep lawang metu kantor. 

“Lha kan tenan sing tak omongi” Nadya ngeremeng

“Iya bener, kepriye iki? Aku bar maghrib ana acara keluarga ning dulurku yen ora terang dadi sungkan iki masa dulur dewe ora tekan” gerutukku

“Ngenteni udane terang opo piye?”

“Aduh yen ora terang nginep kene sidane”

“Ora –ora, aku ya lali ora gawa jas udan”

“Padha Nad, tak trabas wae ya?”

“Heh ya aja! Yen kowe lara piye?”

“Ogak, awakku wis kebal iki”

“Dikandani ngeyel yowis sakkarepmu wae lah Ri”

“Iya Nad, wis ora usah khawatir” saurku karo guyu sitik

“Ati-ati aja ngebut!”

“Iya Nad, suwun ya. Aku disikan assamualaikum”

“Waalaikumsalam”

Aku banjur mrono ning parkiran motor mlipir liwat pinggiran. Sawise tekan parkiran aku ngelebokake sepatu lan tas ning jok motor. Aku ngumpulne niat karo maca bismalah arep trabas udan. Adem tenan sing tak rasane iki udane oran deres nanging merga numpak motor dadi kaya rasane deres. Ujuk-ujuk firasatku ora enak kok kaya enek sing aneh ning motorku aku akhire aku mandek neng pinggir dalan. Tibakna ban ngarep sepeda motorku bocor walah kok apes ngene aku.

Aku kudu nuntun sepeda motor kira-kira 20 menitan supaya bisa tekan omah. Aku celingak-celinguk ning dalanan supaya ngerti tukang tambal sing isih buka nanging merga udan ora enek sing buka. 20 menit akhire aku tekan omah ning aku katisen kebloh kabeh ning awak rasane ora penak. Aku banjur adus lan salin klambi supaya anget terus ngombe teh anget. Awakku langsung panas merga kudanan ning dalan. Merga aku ora iso teka ning acara yasinan bulikku, aku telepon ngabarin bulik yen dina iki ora iso mrono.

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun