Mohon tunggu...
Cerpen

CERKAK, Cerita Pendek Bahasa Jawa

23 Desember 2016   16:36 Diperbarui: 23 Desember 2016   16:51 22477
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Hasby lan Irfan dolanan ning pinggir kali iku, ngerti-mgerti Pak Banyu dukuh ing desaku teka ngawa pancingan, Irfan lan Hasby diajak mancing karo Pak Banyu ning kali kuwi. Hasby seneng banget soalle dheweke hobby mancing, si Irfan yo melu seneng nalika sakjane Irfan ora hobby mancing. Pas mancing Irfan ora entuk iwak, padahal Pak Banyu lan Hasby wes entuk iwak akeh. Irfan nunggu lan nunggu, eh umpan pancing kuwi ketarik, Irfan langsung ngulur lan narik pancingnge, ora disangka Irfan entuk iwak gede, Irfan seneng banget, mluncat-luncat kaya cah TK. Hasby langsung nguyu ndelok Irfan sing seneng banget merga entuk iwak.  Pak Banyu yo melu nguyu ndelok lakune Irfan, Hasby seneng isa mancing ning pinggir kali sing resik, nyaman, lan teratur. Sakwisse mancing Pak Banyu ngajak Hasby lan Irfan mbakar iwak sing mau wes di pancing, Hasby lan Irfan setuju, banjur kuwi Pak Banyu akon Hasby lan Irfan ngolek kayu bakar, lan korek dinggo mbakar iwak, rampung mbakar iwak Hasby, Irfan lan Pak Banyu langsung mangan iwak hasil mancing mau.

Hasby  :”Wah, Enak tenan iki iwak e”
 Irfan    :”Woo ya… kudu no, kan sing mancing aku hihi”
 Hasby  :”Weh aku yo melu mancing yo, wah kowe ki hhaha”
 Pak Banyu:”(nguyu) Ealah aja perang to le, adille bapak wae sing mancing hhaha”
 (Hasby lan Irfan nguyu Pak Banyu yo melu nguyu)

Sakwisse warek Hasby lan Irfan matur nuwun marang Pak Banyu merga uwis di ajak mancing lan mangan iwak sing enak mau, Pak Banyu ngomong nek dheweke seneng bisa ngajak Irfan lan Hasby mancing, Pak Banyu yo ngomong supaya njaga kebersihan lingkungan supaya nyaman. Pak Banyu pamit bali, soalle dino wes arep sore.

Pak Banyu       :”Ya wes, Bapak pamit bali sek ya le..”
 Hasby              :”Ooh nggeh pak, matur nuwun sanget nggeh”
 Irfan                :”Iya Pak matur nuwun sanget, ngatos-atos ten dalan nggeh pak..”
 Pak Banyu       :”Yo le sami-sami”

Irfan lan Hasby mlaku meneh arep neng taman sing ana neng sebrang dalan. Irfan ndelok neng taman ana kembang apik banget, Irfan kepengen njipuk kembang kuwi nanging Hasby nglarang, soale nek kembang kuwi yen di cabut utawa dijipuk, taneman kuwi malah dadi elek. Akhirre Irfan ora njipuk kembang kuwi, Supaya lingkungan kejaga ora rusak, lan nyaman. Nalika wes arep sore Hasby pamit bali marang Irfan, Irfan yo arep bali.

Hasby  :”Wes sore, aku pamit bali sek ya!”
 Irfan    :”Iyo aku barang ya arep bali. Wes ya By, sesuk dolan meneh hehehe”
 Hasby  :”Eh Irfan, ojo lali lho, Njaga kebersihan lan kelestarian lingkungan kuwi perlu banget, hehe kanca-kancamu kae dikadhani ya ben melu njogo lingkungan kaya awak dhewe
 Irfan    :”Siappp bos!”

Irfan lan Hasby bali ning omahhe dewe-dewe.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun