Mohon tunggu...
G. Imam Santosa
G. Imam Santosa Mohon Tunggu... -

Orang Indonesia biasa ...

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Kendhimu, Grabahmu, Kranjangmu ... Impenku

11 Januari 2011   12:03 Diperbarui: 26 Juni 2015   09:43 175
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
1294747639920037462

Bapa ... tumetesing kringetmu wayah awan kang panas kadidene nraka iki nguripi anak, bojo lan putumu kang wis kok lakoni puluhan taun, puluhan taun saka sakdurunge aku lair. Sen mbaka sen, rupiah mbaka rupiah kok klumpukake minangka pangarep-arep soko impenmu nggayuh kamulyaning donya. Bapa ... kendi, grabah, kranjang kuwi wis dadi mitra kang tansah ngancani sliramu lumangkah ing sakdawaning dalan panguripan, wis dadi sisihan kang tansah mangerteni sambatmu ing jaman kang gilir gumanti, sajak wus mangerteni apa kang dadi penggalihmu. Bapa ... nanging dina iki-kendi, grabah, lan kranjangmu dadi seksi kejeming urip ing jaman kang sarwa ora becik iki ... jaman kang wus ninggal tepa-slira, unggah-ungguh, lan tanggung jawab. Aku uga lagi mangerteni menawa pancen urip iki banget kejeme. Wus puluhan taun sliramu setya marang pagaweyan iki, mung kanggo nyambung urip anak, bojo lan putumu. Akeh sithik kok tampa kanthi ikhlas, bombong atimu yen saka kadohan katon gumuyuning bojo kang wus nganti-anti tekamu. Bapa ... dina iki-kendi, grabah, lan kranjangmu ... dadi seksi sumelanging atimu ing sakdawaning dalan tumuju gubugmu ... kang wus dianti-anti dening anak, bojo, lan putumu. Saiki kendi, grabah, lan kranjangmu wus ora rupa maneh. Pecah, rucah, mawur ora karuwan! Tinabrak dening jaman kang wus ora sih marang kang nandang papa-cintaka. Banget aboting penggalihmu menawa mengko ora bisa nyambung urip maneh. Bapa ... mbaka sethitik kringet kok klumpukake ... pinangka kanggo nyambung urip, ora nduweni gegayuhan kang ora umum, gegayuhan kang mung opo anane, mung pangajab supaya anak putu dadi wong kang ngerti, ora kaya sliramu, kang mung kaya mangkene. Nanging aku, aku durung bisa nglakoni opo kang wus kok lakoni puluhan taun. Kerjaku, hasilku ... mung kanggo nuruti impenku kang ora ono manfaate, impen kang mung dadi impen ... Bapa ... kedadeyan kuwi gawe aku eling marang tembung IKHLAS kang wus nate tak ucapake dhek mbiyen kae. Saksuwene iki, aku wus lali kabeh marang tembung kuwi ... IKHLAS, LILA, LEGAWA, NRIMA ... NRIMA ING PANDUM SAKA GUSTI ... sing tak pikirake mung impen kang mung bakal dadi impen, ora bakal dadi kasunyatan, amarga saka srakahing nepsuku, saka gedhening pangangkahku, saka samubarang tumindakku. Bapa ... aku njaluk pangapuramu, sebab ing saksuwene iki aku ora bisa nuladhani opo kang wus kok tindakke ... sepisan maneh Bapa, aku njaluk pangapuramu. APURANEN ANAKMU IKI, BAPA. [gambar dari: http://denuglu.blogspot.com/2007/12/demi-sesuap-nasi.html]

Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun