Sesayupan sandekala mrepeti srengenge
Njalari wayah iku ngaton dunya wengine
Endahe mangsa kapungkur njejer kadingaren
Eh...lha kok isa, rumangsa biyen dening saiki
Sejatine cerita nduweni pamuasal
Etok-etok sirep golek sejarahe malah ngawur
Nang endi banjur katrepan jati wukiran
Ngawujud kodrati sapada apa rupa iku
Enggane njalari sangga saka panguripan
Sakserutan kapahat dening urupan kemenyan
Kedaden metu nyawane, apa ndak karepan
Katempelan amplase kagosok meling pisan
Saksumpelan apese nutupi tembang mburine
Guyup apa kang dadi perkara
Nyupatani moro ati keladen lelembut
Ayeme kesengsem guyonane rupa
Kaluputane dening kawruh sapa
Ndelok apa sajroning cangkriman
Mirengake sinambung gending megatruh
Pawartane dunya iku ora katon
Frankincense (Purwokerto, 30 September 2016)