"ORA OPO-OPO"
Oleh: Farhan Rafifidananto
Angin Wengi aku iling sliramu
Nganti nyesek nek kelingan
Rung sui biso bebarengan
Menyang mulih gandengan terus
Ra ono sing biso ngalahke
Nanging saiki ra biso meneh
Kowe wis ro wong liyo
Sing dadi ati iki cidro
Nanging ati iki sakjujure sih tresno
Maring awakmu sing terus ono
Kelingan iyo ning kudu lungo
Uripku mung kudu ikhlas lan legowo
Kang mas aku ngapuro
Mergo ora biso meneh
Nyandang ati iki sak wetoro
Mergo wong tuo
Ora opo-opo dek
Aku biso ikhlasno
Lahir batin sak njero dodo
Mugo kowe seneng ro wong liyo
Nanging ati iki sakjujure sih tresno
Maring awakmu sing terus ono
Kelingan iyo ning kudu lungo
Uripku mung kudu ikhlas lan legowo
Beri Komentar
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!