TURANGGA
Manut pituture pinisepuh, pria Jawa iku kena diarani jangkep, salah sijine, menawa nduweni Turangga, utawa umume diarani Jaran.
Jaman saiki kahanan wis beda saengga ora saben wong Jawa duwe jaran. Mula saka iku, 'turangga' saiki bisa beda maknane. Bisa wae geser maknane dadi 'tunggangan' lan ora mesthi awujud jaran, kaya dhek jaman semana.
Si Risma, mangkono aku biasane nyeluk, iki pancen wis dadi 'turanggaku' watara 11 tahun lawase. Pancen wis ora sedhela, mula bisa diarani menawa saiki wis kalebu 'berumur'. Padatane yen wis 'berumur', sing nduweni uga kudu siyaga sawayah-wayah ucul wragat menawa wis muncul tandha-tandha 'penyakit umur'.
Lha, rak tenan! Pirang dina kapungkur, si Risma ketok nek 'masuk angin'. Suarane keprungu rada 'ngorok'. Mlakune uga kurang 'semlehoi'. Lan maneh, kok ya ndadak akine uga melu-melu sulaya.
Pungkasane, Si Risma wingi sidane dakpriksakake, dening si mas 'Dokter' tumuli diarah 'mondhok' ana ing 'padhepokan' bengkel montore.
Sing jeneng mondhok ya mesthine kudu nginep. Iki sing dadi gandhulaning pikiranku. "Lha kok ya ndadak mondhok barang ta, Mas?" gresulaku. Si mas nuli mangsuli cekak tur aos, "Kudu mudhun mesine mas, sekere kayane wis kena iki, malah kuwatire yen wis mrembet menyang mesin lho, Mas!".
Mak tratab! Atiku sir-siran. Sak suwene Risma ngancani laku ing saben dinaku, saelingku ora tau ana masalah mesin, lha kok iki ujug-ujug kudu 'opname' barang, batinku rumangsa was-was. Ya wis, Risma dakrilakake nginep sadina-sawengi murih bisa diusadani kanthi premati.
Dina candhake, aku nunggu kabar saka si mas 'Dokter', kaya ngapa hasile lan pira tagihane. Wayah sore sabubare kantoran, dheweke nges-emes aku, "Mas, wis rampung, total jenderal Rp X.XXX.XXX,00!". Mak jegagik! Aku dheleg-dheleg, ora ngira babar pisan menawa bakalan ngrogoh kanthong samono jerone. Nanging kepriye maneh, iki ngono pancen kudu daktindakake supaya Si Risma enggal 'waluya jati', pulih maneh kaya wingi uni, tumuli bisa dakajak 'gegojegan' lan wira-wiri maneh ngancani awakku sing kudu luru pangupa jiwa.
Lah, delengen! Bubar 'opname', ketok yen awake pating clemot kena oli lan lebu. Amarga saka iku, ya wis, mumpung ana sing isih bukak, Risma dakgawa menyang ing 'padusan'.
Sawetara wektu digebyur lan disabuni, tumuli dielus-elus lan dielapi, pungkasane, Risma wis bali seger, ulate katon sumringah, kaya kenya kang kasmaran marang jaka kang bagus ing warna.
Wengi iki, Risma dakjaluk leren dhisik kareben rada pulih tenagane. Awakku uga daklerenake sawise sadina muput nindakake pakaryan kang rada wigati sing tundhane nguras tenaga lan pikiran.
Sesuk isuk, sawise jago kluruk, awakku lan Risma kudu siap-siap makarya maneh, lan dakpuji supaya Risma siyap-siyaga, gugah-gumregah, lan bisa bali bebarengan ngancani lakuku, nindakake jejibahan tumraping bangsa lan negara.
Pandongaku, mugi Gusti tansaha nganthi! Amin!
Â
Â
Peje-M-I, ing sawijining wengi
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H