Sepi….
Sepi-sepining sepi
Nalika atinenepi nyedhak marang Gusti
Gusti kang anguripi Gusti kang anyukupi
Senajan tumindak akeh kang kepradah
Salah
Ya…tumidakkang salah
Tan bisa nrima ing pandum, tan bisa anyukuri
Nalika jembarkebak ing bungah
Malahdadi kakehan polah
Mlaku ndangak ora kelingan wong susah
Lan nalika urip digawe ciut
Dadi klelat-klelet
Surasane peteng ndhendhet
Rumangsa Gusti ora welas, ora asih
Manungsa… kapan bakal rumangsa?
Sihing Gusti tan winates
Ing sadawaning lakon kang kawedhar
Ing sajroning urip kang kababar
Yogya, 8 September 2011
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI