Mohon tunggu...
Dimas Aji Putupraja
Dimas Aji Putupraja Mohon Tunggu... Administrasi - Jangan berhenti belajar

ASN Pemerintah Kabupaten Pacitan

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Kumpulan Puisi Jawa Karyaku

2 Juli 2017   21:26 Diperbarui: 2 Juli 2017   21:30 2222
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

DIRGAHAYU POLRI

Tanggal 1 Juli, dino bersejarah kanggo bapak ibu polisi

Saben tahun diperingati minangka dina ambal warsane aparat penegak hukum, penjaga keamanan lan ketertiban

Jargon andalane "kami siap melayani Anda"

Nduwe tanggung jawab wigati

Supaya negeri iki aman terkendali

Penjenengan ngerti?

Musuh negara iki

Korupsi, dampak globalisasi, isu pluralisasi lan masalah cilik kayadene polusi

Wis dadi tugas pokok fungsine bapak ibu polisi

Supaya Indonesia iki ora mbalik kayadene zaman kolonialisasi

Nanging 1 Juli iki

Nalika yuswane POLRI 71

Ono kabar ora prayogi

Oknum masyarakat wis wani

Ngidak idak marwah bapak ibu polisi

Kedadean ing Mapolda Sumatera Utara wingi

Lan Jakarta mau bengi

Sansaya ngrusak kahanan negeri iki

Nambah nambahi perkara lan pikiran para ulil amri

Tak kira, para oknum kuwi

Minoritas sing wedi

Ora bisa urip ing kahanan saiki

Mbalela marang kodrat Illahi Robbi

Yen sejatine opo wae sing wis dipandegani dening founding fathers kudu diuri-uri

Ora dirusak, opo meneh dicaci maki

Ing 1 Juli iki

Monggo sami memuji maring Gusti kang murbeng dumadi

Supaya bangsa Indonesia tetep nyawiji

DIRGAHAYU POLRI 71

NGETAN NGULON

Wingi bali ngetan, saiki mangkat ngulon

Ora biasane ngetan ngulon, setahun pindo wis cukup

Nanging saiki mangkat ngulon, sesuk bali ngetan meneh

Kabeh dilakoni kanthi ikhlas

Supaya sesuk bali ngetan, sangu ilmu sing berkah, iso nggawe bapak ibu bungah

Wis tak cukupke geguritanku iki, mugi-mugi Gusti mberkahi lakuku ngetan ngulon

PANTES-ORA PANTES

Wis pantes durung dadi cagub-cawagub? Hehe

Pantes lan ora pantes awake dewe sing nentokake

Kabeh kuwi pilihan

Milih dadi pantes opo ora pantes

Semono uga ing wulan suci iki

Milih posone dadi berkah amarga sregep ibadah wajib lan sunah

Opo milih posone mung oleh ngempet ora mangan lan ora ngombe

Pilihen seng endi?

NGAREP-MBURI

Biasane nek upacara/apel ning lapangan parade mesti ning mburi barisan

Ora melu baris, ngetutke mburine barisan

Dadi nek gatel iso garuk2

Nek kesel iso istirahat kuda

Nek ngantuk iso ngobahke awak

Nanging ora kuwi, ning mburi kuwi tut wuri handayani

Ngekei daya utawa kekuatan, dorongan, semangat, motivasi

Nalika upacara kaya foto ning nduwur kae, pisan2 dadi danton utawa pimpinan barisan

Yo mumpung jek nganggo talikur

Mumpung nganggo PDU

Mumpung ono kamera

Danton kuwi ning ngarepe barisan

Ning ngarep tegese ing ngarsa sung tuladha

Dadi contoh, teladan, wong sing dianut, ditiru lan digugu

Dadi ning mburi utawa ning ngarep kuwi pada angele

Angel aweh motivasi 

Apa maneh dadi contoh, tambah angel

Jebul luwih angel maneh nulis nganggo basa jawa

PARIPURNANE RAMADHAN

Wis khatam ping piro mas?

Aduh, ping piro yo

Piye sholat sunahe mas? Sholat wengine piye? Sholat wajibe bolong2 ora?

Bakal cilaka wong sing ora oleh maghfirah ing sasi poso

Duh Gusti, mugi-mugi saget pinanggki ih ramadhan tahun ngajeng

InsyaAllah, pertanyaan2 nduwur mau bisa kejawab ing ramadhan tahun ngarep

Taqobbalallahu minna waminkum

Sedaya lepat nyuwun agunging pangaksami

PARIPURNANE RAMADHAN (2)

Sakwise poso sesasi

Bakal ono wektune

Wong islam podo mengeti dino agung

Idul fitri utawa riyaya

Wis klewat wancine

Saiki wae wis H+4

Kupat sing jarene simbol ngaku lepat

Wis podo entek

Salam-salaman sing dipercoyo iso nggugurke doso

Wis jarang dilakoni

Wong-wong sing wingi podo mudik

Wis siap-siap balik menyang kota

Banjur bakal ono arus urbanisasi sing lagi rame diujarake ing berita-berita tv

Penduduk usia kerja bakal ngundi nasib ing kota

Supaya oleh gawean sing iso kanggo nyukupi sandang pangane

Sejatine, sakwise ditempa ing sasi poso wingi

Kudu lahir wong-wong sing tambah kabecikane

Tambah sregep ibadahe

Tambah mempeng sinaune

Tambah bagus akhlake

Tambah sing apik-apik pokoke

Nanging, isih eling to ono markas polda diserang

Ono polisi ilang nyawane wektu iku

Isu-isu teroris muncul me

neh

Padahal bar nglakoni poso lho

Kok iseh wani koyo ngono

Piye ngene iki?

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
  9. 9
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun