SENGSARANE BOCAH NGRANTAU
Dening : Diana Ayu Purnamasari
Nalika srengenge suryo ninggalake langit
Nalika awan malih dadi wengi
Nalika lintang wiwit nghias langit
Nalika semana suasanane malih dadi sepi lan sunyi…
Ngalamun urip adoh saka kaluwarga
Ora krasa eluh mili ana ing pipi
Kelingan marang papan kelairanku
Kelingan marang sanak kadangku
Ing ngisor langit wengi…
Nalika maca pawartaÂ
Mung ana roso kang keronto ronto
Rasane adoh saka kaluwarga
Kudu dadi manungsa kang kuat
Ora ana kangen kang ngluwihi kangen bocah ngrantau
Ora ana sepi kang ngluwihi sepine bocah ngrantau
Magetan, 26 Oktober 2021
Beri Komentar
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!