SEJARAH LAN PIGUNA SAKA GAMELAN Â
       Muncule gamelan diwiwiti saka budaya Hindu-Budha kang nguwasani Indonesia. Piranti musik lan wujude dikembangake nalika jaman kerajaan Majapahit, nganti Saiki wujude ora owah. Sajroning gamelan dhewe tinemu maneka alat musik kayata demung, kendang, saron, slenthem, gong, lan sapanunggalane. Gamelan kang ana ing Indonesia iku bisa dibedakake dadi telu yaiku gamelan Sunda, gamelan Bali, lan gamelan Jawa. Saben-saben gamelan iku mau nduweni titikane dhewe-dhewe.
Gamelan mujudake piranti musik sing mesthi ana ing gede kesenian ing Jawa. Saliyane ana ing pagelaran wayang. Gamelan uga bisa ditemokake ing kesenian liyane kayata ludruk, kethoprak, macapatan? , lan sapanunggalane. Wong-wong sama manca iki kepingin nadeke meditasi.
   Yen ngomongake gamelan Jawa mesthine ora bisa diuwalake saka Laras Kepatihan. Iki disebabake gamelan Laras Kepatihan iki ana repete klawan penulisan notasi gamelan iku dhewe ing era modern. Jaman Saiki notasi gamelan dhewe wis nggunakake notasi angka. Sadurunge nggunakake notasi angka notasi gamelan iku wujude garis-garis sing mirip klawan sandhi morse. Amarga wujude isih garis-garis, wektu iku gamelan isih kepentung angel anggene mainake. Kahanan sing kaya ngene tansah Kanjeng Raden Mas Wreksodiningrat kegugah atine lan nindakake penelitian supaya gamelan mau gampang disinaoni.
Saben unsur piranti musik gamelan mesthi nduweni fungsi dhewe-dhewe, ana sawetara kategori miturut fungsine, yaiku: Kendang utawa gendang, fungsine minangka pengatur irama, tempo cepet utawa alon uga diarani perintah. Pencon sing dumadi saka gong, kempul, kenong, kethuk, fungsine kanggo njaga tempo kang mantep. Balung sing dumadi saka saron, demung, slethem, peking fungsine minangka pembawa melodi utama tembang kang dumadi saka gembang, cemplong, siter, rebab lan suling. Fungsi instrumen iki kanggo nglengkapi tembang supaya komposisi tembang tetep harmonis.
   Anane para bangsa manca negara kang sinau gamelan iki nyatane ora mung nuwuhake rasa mongkog ing batin nanging uga rasa miris kanthi bebarengan. Rasa mongkog iku tuwuh jalaran weruh kesenian lokal disenengi wong akeh nganti wong saka manca negara. Dene rasa miris tuwuh jalaran weruh ana kasunyatan nalika akeh wong manca negara sing nyinaoni gamelan. Generasi mudha sing kudune njaga kelestariane malah luwih seneng lan khurmat marang budaya manca. Malah ora sethithik kang ngasorake utawa ngrasa isin karo budaya lan tradisine dhewe tinggalan leluhure.
Lumantar paneliten lan sumbangsihe Kanjeng Raden Mas Wreksodiningrat iki kang wusanane njalari ndadekake wong luwih kepenak anggene sinau gamelan.
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H