Omah tradisional Jawa Tengah salah sijine yaiku Joglo. Joglo iku jinis omah tradisional Jawa sing katon prasaja lan dipigunakak minangka simbol utawa panandha status sosial saka bangsawan Jawa. Jaman biyen ora akeh wong sing duweni omah adat Joglo amarga omah iki didadekake simbol status sosial dening masyarakat Jawa. Lumrahe wong sing duweni omah adat iki yaiku wong-wong sing duweni status ekonomi lan status sosial dhuwur. Amarga kanggo mbangun omah Joglo iki mbutuhake wragat kang ora sithik.Â
Ora mung kuwi, lemah sing digunakake kanggo mbangun omah joglo kudu amba. Mula nalika semana wong sing nduweni omah joglo iku biasane mung kalangan ningrat utawa bangsawan kraton.Â
Omah iki duweni ciri khas kang unik yaiku payone kang dhuwur kang disangga dening saka wangun papat. Saka papat kasebut sinebut saka guru yaiku saka kang utama kanggo nyangga bangunan lan tumpang sari. Saka guru minangka simbol 4 arah mata angin yaiku wetan, kidul, kulon, lan lor. Â Saka guru uga dadi simbol kekuatan saka 4 arah mata angin utawa sinebut rancangan pajupat.
Ciri khas liyane saka umah joglo yaiku arupa tumpang sari.
Tumpang sari awujud susunan balik kang disangga  saka guru. Biasane, tumpang sari ana ing pendhapa bangunan kang disusun tingkat. Tingkatan-tingkatan iki duweni arti minangka tingkatan kanggo menyang titik puncak. Miturut kepercayaane wong Jawa, tingkatan-tingkatan iki bakal dadi siji ing siji titik.Â
Umume perangan-perangan omah  Joglo iku kaperang dadi 3 bagean pokok, yaiku : pendhapa, pringgitan, lan omah njero utawa omah ndalem.Â
Pendhapa yaiku perangan omah joglo sing digunakake kanggo nampa tamu. Struktur bangunan pendhapa migunakake umpak kanggo alas saka, 4 saka guru (tiang utama) duweni simbol 4 arah mata angin, lan 12 saka pengarak. Uga ana tumpang sari yaiku susunan balik kang disangga saka guru.Â
Pringgitan iku asale saka tembung "ringgit" kang tegese wayang. Pringgitan yaiku perangan omah joglo sing digunakake kanggo nganakake pagelaran wayang kulit.Â
Omah ndalem yaiku perangan omah joglo sing digunakake kanggo kumpul kulawarga, kang kaperang dadi 3 kamar utawa senthong, yaiku senthong kiwa, senthong tengah, lan senthong tengen.Â
Senthong kiwa yaiku digunakake kanggo gudhang utawa papan kanggo nyimpen palawija lan asil panen.Â
Senthong tengah minangka papan kanggo ngibadah, utawa kanggo pasren yaiku panyembahan marang Dewi Sri utawa Dewi Kesuburan.Â
Senthong tengen yaiku papan kanggo sare  Ibu Bapak kang duweni omah Joglo kasebut.
Perangan liyane saka omah joglo uga nduweni nilai filosofis. Tuladhane perangan lawang.Â
Lawang omah joglo cacahe ana 3. Lawang utama ing tengah, lawang liyane ana ing sisih kiwa lan tengen omah joglo. Tata panggonan lawang iku ora sembranan. Bab kasebut dadi pralambang kupu-kupu kang lagi berjuwang ing sajroning kulawarga kanthi pangajab uripe kulawarga tansah ayem tentrem.
Mangga sami mirsani lan midhangetaken wonten channel YouTube Ameng anak bulu, subscribe n like ugi, nuwun Teks Deskripsi Omah Joglo
Â
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H