Mohon tunggu...
Dewi Siti Fatimah
Dewi Siti Fatimah Mohon Tunggu... Guru - Guru Bahasa Jawa

Guru Bahasa Jawa

Selanjutnya

Tutup

Ilmu Sosbud

Omah Joglo, Sinau Teks Deskripsi Omah Joglo

25 Februari 2024   06:09 Diperbarui: 25 Februari 2024   06:44 454
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
https://jateng.idntimes.com/travel/tips/rendy-azia/5-wewaler-larangan-dalam-budaya-jawa-ora-ilok-c1c2

Omah tradisional Jawa Tengah salah sijine yaiku Joglo. Joglo iku jinis omah tradisional Jawa sing katon prasaja lan dipigunakak minangka simbol utawa panandha status sosial saka bangsawan Jawa. Jaman biyen ora akeh wong sing duweni omah adat Joglo amarga omah iki didadekake simbol status sosial dening masyarakat Jawa. Lumrahe wong sing duweni omah adat iki yaiku wong-wong sing duweni status ekonomi lan status sosial dhuwur. Amarga kanggo mbangun omah Joglo iki mbutuhake wragat kang ora sithik. 

Ora mung kuwi, lemah sing digunakake kanggo mbangun omah joglo kudu amba. Mula nalika semana wong sing nduweni omah joglo iku biasane mung kalangan ningrat utawa bangsawan kraton. 

Omah iki duweni ciri khas kang unik yaiku payone kang dhuwur kang disangga dening saka wangun papat. Saka papat kasebut sinebut saka guru yaiku saka kang utama kanggo nyangga bangunan lan tumpang sari. Saka guru minangka simbol 4 arah mata angin yaiku wetan, kidul, kulon, lan lor.  Saka guru uga dadi simbol kekuatan saka 4 arah mata angin utawa sinebut rancangan pajupat.

Ciri khas liyane saka umah joglo yaiku arupa tumpang sari.

Tumpang sari awujud susunan balik kang disangga  saka guru. Biasane, tumpang sari ana ing pendhapa bangunan kang disusun tingkat. Tingkatan-tingkatan iki duweni arti minangka tingkatan kanggo menyang titik puncak. Miturut kepercayaane wong Jawa, tingkatan-tingkatan iki bakal dadi siji ing siji titik. 

Umume perangan-perangan omah  Joglo iku kaperang dadi 3 bagean pokok, yaiku : pendhapa, pringgitan, lan omah njero utawa omah ndalem. 

Pendhapa yaiku perangan omah joglo sing digunakake kanggo nampa tamu. Struktur bangunan pendhapa migunakake umpak kanggo alas saka, 4 saka guru (tiang utama) duweni simbol 4 arah mata angin, lan 12 saka pengarak. Uga ana tumpang sari yaiku susunan balik kang disangga saka guru. 

Pringgitan iku asale saka tembung "ringgit" kang tegese wayang. Pringgitan yaiku perangan omah joglo sing digunakake kanggo nganakake pagelaran wayang kulit. 

Omah ndalem yaiku perangan omah joglo sing digunakake kanggo kumpul kulawarga, kang kaperang dadi 3 kamar utawa senthong, yaiku senthong kiwa, senthong tengah, lan senthong tengen. 

Senthong kiwa yaiku digunakake kanggo gudhang utawa papan kanggo nyimpen palawija lan asil panen. 

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Ilmu Sosbud Selengkapnya
Lihat Ilmu Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun