Mohon tunggu...
Dewi Siti Fatimah
Dewi Siti Fatimah Mohon Tunggu... Guru - Guru Bahasa Jawa

Guru Bahasa Jawa

Selanjutnya

Tutup

Pendidikan

Kisah Lahirnya Bima yang Berwujud Bungkus (Versi Jawa Indonesia)

21 Februari 2024   10:04 Diperbarui: 21 Februari 2024   10:15 1060
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/4/4d/Bima_wayang.jpg

Assalamu'alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh sahabat kompasiana.com

Berikut ini adalah kisah keluarga Pandhawa dalam berjuang membuka bungkus salah satu dari saudara mereka yaitu "Kakang Bungkus" atau "Bima/Bratasena/Aryasena/Werkudara". Berikut akan saya sampaikan yang versi Bahasa Jawa, kemudian di bawahnya yang versi Bahasa Indonesia. Selamat Belajar. Sukses selalu. Aaamiiin.

BIMA BUNGKUS 

Jejer Ngastina. 

Duhkitaning Prabu Pandu Dewanata lan Dewi Kunti amarga laire ponang jabang bayi kang awujud bungkus. Tan ana sanjata kang tumama kanggo mbedhah bungkus. 

Kurawa uga melu cawe-cawe arsa mecah bungkus, sanadyan amung lelamisan, bakune arsa nyirnakake si bungkus. 

Wisiking dewa si bungkus den bucal ing alas Mandhalasara. 

Ing pertapan Wukir Retawu Bagawan Abiyasa kasowanan Raden Permadi kang kadherekaken repat punakawan. "Kanjeng Eyang, kadi pundi nasibipun Kakang Bungkus, sampun sawetawis warsa mboten wonten suraos ingkang sae, bab menika Eyaang, andadosaken duhkitaning Kanjeng Ibu Kunti..."

Tartamtu Sang Winasis kang pancen luber ing pambudi sampun pirsa apa kang dadi lakon. "Putuku nggeeer, Permadi, mangertiya jer kakangmu nembe nglakoni karmane, ing tembe kakangmu Si Bungkus bakal dadi satriya utama, lan bakal oleh apa kang sinebut wahyu jati..." 

Anane Si Bungkus ndadekake gegering suralaya. Bumi gonjang ganjing kadya binelah, samodra asat. 

Ing Suralaya, Batara Guru nimbali Gajahsena, putra Sang Batara kang awujud gajah, kinen mecah si bungkus saengga dadi sejatining manungsa. Batara Guru ugi angutus Dewi Umayi kinen nggladhi kawruh babagan kautaman marang si bungkus. 

Purna anggennya peparing ajaran marang si bungkus, Dewi Umayi aparing busana arupa cawat bang bintulu abrit  ireng kuning putih, pupuk, sumping, gelang, porong, lan kuku Pancanaka. 

Salajengipun, Gajahsena mbuka bungkus. Pecahing bungkus dados sapatemon kekalihipun, kagyat dados lan perangipun. Binanting sang Gajahsena. Sirna jasad sang gajah. Roh lan daya kekiatanipun manjing jroning angga si bungkus. 

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Pendidikan Selengkapnya
Lihat Pendidikan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun