Mohon tunggu...
Dewi SitiFatimah
Dewi SitiFatimah Mohon Tunggu... Guru - GURU BAHASA JAWA SMK NEGERI 1 GOMBONG

Suka Belajar

Selanjutnya

Tutup

Filsafat

Mengenal Apa Itu Budaya "Wewaler"?

12 Februari 2024   11:40 Diperbarui: 12 Februari 2024   11:59 1355
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Youtube Ameng anak bulu

(Budaya Jawa yang berisi tentang larangan suatu hal dalam berperilaku baik kepada manusia, alam sekitar, maupun kepada Sang Khaliq)

Assalamu'alaikum para sedherek kompasiana.com sugeng pepanggihan malih wonten artikel kula.

Wonten kalodhangan menika kula badhe ngandharaken babagan wewaler.

Mangga sugeng maos.

Nuwun 

Pangertosanipun Wewaler

Tembung Wewaler wonten Jarwa Kawi anggitanipun Padmasusatra yaiku saka tembung waler kang maknanipun walangsangker, ila-ila, larang, pacuh.

Tembung Wewaler wonten Bausastra Jawa anggitanipun Poerwadarminta nduweni makna larangan, pepatjuh.

Wewaler menika maknanipun nasehat kang awujud larangan.

Wewaler kaya dene paugeran kang diwelingake dening para sesepuh marang anak putune.

Wewaler menika ila-ila kang sipate menggak, ora kena diterak, kang ana sesambungane karo pakarti kang ora kena diterak.

    

Wewaler menika salah satunggaling kabudayan Jawi ingkang awujud pitutur luhur. Pitutur menika boten namung awujud ujaran utawi panyaruwe mawi lisan, nanging saged awujud menapa kemawon. 

 Wewaler menika arupi samubarang kang ora kena diterak, kang ana sesambungane karo kahanan ing sakiwa tengene manungsa kayata etika sesrawungan karo lingkungan, lan sesrawungan marang Gusti Allah kang nyipta. 

Ing wulangan iki bakal ngrembug patuladhan-patuladhan saka wewaler, yaiku: 

1. Wewaler kang ana sesambungane antarane manungsa karo lingkungane, lan 

2. Wewaler marang Gusti Allah kang nyipta.

Angggone manungsa urip kuwi tansah sesambungan siji lan sijine. Supaya lumaku kanthi becik, saben manungsa kudu ngugemi marang paugeran-paugeran kang bisa kajupuk saka wewaler. 

Sebab kanthi ngugemi wewaler kuwi mau manungsa bisa nindakake babagan kang utama ana ing sakjroning uripe, kayata anane rasa urmat, tepa slira, tulung tinulung, rasa welas asih, lan duwe jiwa kaprawiran kanggo kamulyaning nagara.

Ancasipun Wewaler

Wewaler nduweni ancas:

1. Piwulang tata krama

2. Urip kang becik 

3. Manggih keslametan 

4. Ora nemu bebaya 

5. Ora nemu  memala 

Ancase wewaler iki gegayutan karo piwulang tata krama babagan kawruh lan panemune wong Jawa marang sawijining kahanan minangka asil saka pengalaman utawa kang diarani ngilmu titen. 

Anane wewaler supaya padha bisa urip kanthi becik, manggih keslametan, ora nemu bebaya lan memala. 

Tuladhanipun Wewaler

1. Wewaler kang ana sesambungane antarane manungsa karo lingkungane

a. Yen wis weweh aja dijaluk maneh, mengko gulune gondhoken.

     Tegese yaiku samubarang kang wis diwenehake ora kena dijaluk maneh, amarga kalebu perkara kang ora sopan. Mula kudu dipikir-pikir dhisik, uwis lila apa durung sakdurunge weweh marang wong liya.

b. Aja ngicip panganan ing irus, jalaran ayune bisa keri ing irus.

Tegese yaiku  irus kang digunakake kanggo masak, nduweni suhu kang panas saengga bisa mbebayani nalikane tumempel langsung marang ilat.

c. Yen mangan kudu dientekake marga yen ora dientekake bisa njalari pitike mati.

Tegesipun yaiku ing masyarakat Jawa yen maem ora dientekake penyebabe yaiku amarga mangane kurang berselera. Mula ben semangat anggone mangan, ayam kang diduweni disembelih lan dimasak kanthi echa saengga bisa nambah selera mangan.

d. Aja singsot ing wayah bengi, mengko dipangan banaspati

Tegesipun yaiku yen singsot ing wayah bengi gawe brisik lan ganggu ketenangane wong kang lagi padha ngaso.

e. Aja masak trasi ing tengah alas, amarga bisa ditekani memedi.

Tegese yaiku ambu trasi kang khas bisa ngundang kewan sato galak/ binatang buas. Saenggah bisa nganggu keslametane manungsa.

2. Wewaler marang Gusti Allah kang nyipta

a. Aja metu ing sandikala, mengko diculik wewe gombel.

Tegesipun yaiku bocah-bocah cilik ora kena metu omah nalika sandikala utawa maghrib amarga maghrib iku wektune ngibadah lan ngaso.

Rasulullah SAW ugi paring pangendikan wonten sawijining hadist yaiku:

Dalam Sohih Muslim Nabi SAW bersabda: "Jika sore hari mulai gelap maka tahanlah bayi-bayi kalian (anak) sebab iblis mulai bergentayangan pada saat itu. Jika sesaat dari malam telah berlalu maka lepaskan mereka, kunci pintu-pintu rumah dan sebutlah nama Allah sebab setan tidak membuka pintu yang tertutup. Dan tutup rapat tempat air kalian dan sebutlah nama Allah. Dan tutup tempat makan kalian dan sebutlah nama Allah. Meskipun kalian mendapatkan sesuatu padanya." (HR. Muslim)

b. Aja nglungguhi kuburan, mengko bisa kuwalat

Tegesipun yaiku sarean utawa kuburan kalebu papan ingkang sakral mula ora becik yen wong kang ziarah lungguh ing ndhuwur kuburan, becike peziarah supaya padha sabar nalika ziarah lan lungguh ing sakpinggire kuburan utawa makam

Rasulullah ugi paring pangandikan wonten sawijining hadist

Saking Abu Hurairah r.a Rasulullah SAW ngendika: "Temen yen salah siji wong saka sira kabeh lungguh ing ndhuwur geni saengga mbakar klambine lan tekan ing jero kulite, iku lewih apik tinimbang lungguh ing ndhuwur kubur." (HR. Muslim)

Menika wau andharan saking wewaler saha tuladhanipun.

Matur nuwun sampun kersa maos.

Sugeng pepanggihan malih wonten undheran sanesipun

Nuwun

Wassalamungalaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.YouTube Ameng anak bulu 

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Filsafat Selengkapnya
Lihat Filsafat Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun