Mohon tunggu...
Devi Nabila
Devi Nabila Mohon Tunggu... Lainnya - Siswi SMAN 3 MALANG

saya orang yang suka menulis sesuatu, membaca hal hal berbau sejarah.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Sasi Ingkang Sisah

16 Agustus 2023   12:29 Diperbarui: 16 Agustus 2023   12:30 189
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Jenengku Desember wong-wong mesti nyeluk aku amber lek ga ember gae konco cidekku, kadang iku aku gaseneng diceluk koyok ngunu tapi jare koncoku iku jeneng kasih sayang yo tak trimo wae. Saiki aku kelas 11 SMA, aku arek IPS sing jare kelas paling gaiso meneng ndek sekolah, aku naksir arek MIPA nde sekolahku jenenge Januari arek paling perfect sak sekolahan iki, ancen berlebihan lek jare koncoku tapi gapopo opo se sing ga gae arek sing tak senengi ket kelas 10 iku.

" Mber amber reneo!" celuk koncoku sing ket maeng celingak celinguk nde jendelo kelas munggah kursi, wes ero aku iki lagi nyalin tugas matematika malah celak celuk koyok nde omahe dewe.

"Opo sehh rin turinn anake mami nanik" jawab keselku mbe sek nyekel bulpen

"Deloken Januari saiki mbe sopo iku" tunjuk turin, akupun ndelok Januari sing lagi jalan beriringan ambe rebulan, arek sing paling ga tak senengi sak malang raya iki

"Opose rin jarno wes mbo kiro aku ngurusi Januari mbe sopo?" jawabku tambah kesel

"Deloken motomu gaiso goro, motomu iku loh te nangis" turin pun ngalih tekan pandanganku, aku balik ndelok nisor ternyata Januari ambe wedok iku ws gaonk tekan pandanganku. Oiyo turin iku konco TK sampe SMA ku ga tau pedot koncoan terus sampe bosen sak sekolahan terus ambe ark iku tapi gapopo aku sayang nemen nang ark iku.

Akupun balik lungguh nang bangkuku ambe ati sing lesu, kadang mesti iku aku nyoba gae ngelalino Januari iki tapi pasti gabakal iso arek iku selalu liwat nde benakku setiap saat. Tapi sejak beberapa minggu wingi aku ero tekan koncoku sing jenenge Surya lek Januari iki lagi pdkt an ambe sing jenenge rembulan iki, malene sejak saat iku ben bengi aku nangis ga karukaruan.

"mber opo o awmu? kok yoo ket maeng raimu gaenak?" Surya moro-moro nyuwil pundakku, Surya iku koncoku sisan arek iku apikan mesti ngerungokno ceritoku lan mesti ngerteni atiku.

"yoo wes ngono iku, gaonk preine arek loro iku wong loroan wes males aku sur te bahas maneh" jawabku

"yowes gapopo tapi ojok digae sedih terus, gelem susu stroberi a ayo tak tukokno?" jare surya semangat, ate nolak iki sungkan areke wes narik tanganku terus

Aku pun wes nde kantin karo Surya. Arek e nukokno akeh jajan ternyata gae aku dan mendadak moodku iki balik maneh

"Suwun loh Surya arek paling uapikan sak sekolahan iki" jareku seneng karo full senyum nang arek iku

Mungkin ancen dasare arek iku ora kakean cangkem koyok koncoe sing siji iki tapi rapopo penting apikan arek iku.

Gakeroso wayahe moleh sekolah, aku ngenteni ojek online nde ngarep gerbang sekolah karo dikancani turin. Arek iku mekso ngenteni aku, aku ngomong ojok terus sampe lambeku berbusa yo ga bakal dirungokno ambe aku tapi akhire setelah sekian lama ojek sing disetiri wong tuwek alon koyok bekicot ndek sawahe pakdheku pun teko alhamdulillah.

"DESEMBERRRR" bengok surya banter nde tengah dalan, tapi fokusku ga tertuju nang dee tapi arek sing digonceng Surya saiki

"hah? Januari?" aku lali seribu lali lek Januari iki koncoan ambe surya

"Aku te dolen nang omahmu oleh a? turin nyusul jare!!" bengok surya maneh nde mburi peda pak ojek sing tak tumpaki saiki

"Iyo ambek sopo ae?" takokku, fikiranku nang ndi ndi gamungkin Surya ngejak seorang Januari nang omahku

Akupun ngelamun karo ngudek teh arep tak gae es teh gae tak kekno arek arek nde ruang tamu, aku ga nyongko sampe saiki seorang Januari lagi nde sebelahku arep ngewangi gae es teh sisan gara-gara ulahe Turin sing mekso Januari gae ngewangi aku

"Desember" celuk januari alon nang aku, akupun langsung noleh nang arek iku ngekek i gestur awmu arep ngomong opo, jujur ae atiku gakuat ndredeg gakaruan lan berusaha nutupi hal iku

"Kenopo?" jawabku singkat lan ga mandang arek iku blas

"Ngadep o aku, aku arep ngomong nang awmu"   Januari narik daguku gae ngadep nang arek iku, atiku ws gakaruan saiki lemes sikil campur aduk lan tanganku keringet dingin

"Aku ero awmu seneng aku suwe, aku ero kabeh sing awmu lakukan teko Turin. Soal awmu cemburu nang Rembulan lan mesti gae cerito soal aku nde blog karyamu, kabeh aku wes moco ket awal" iki kata kata paling dowo sing tak rungokno tekan januari nang aku, aku berharap hari iki gaakan pernah ganti.

"Tapi sepurane desember aku gaiso bales semua perasaanmu iku, Rembulan selalu onok gae aku dee ngerteni aku lan onok gae aku kapanpun" ucap januari maneh

"Januari awmu fikir aku gagelem onok nde posisine rembulan?! kabeh perasaanku iki yo tak pendem suwe supoyo awmu ga risih nang aku, aku yo pengen onok ndek posisine rembulan kabeh hal sing tak lakoni gae awmu iku yo onok alasanne. Awmu ga perlu ngomong nang aku koyok ngonoku aku wes sadar ket awal lek kene pasti gabakal iso bareng" ndek posisi iki atiku bener-bener nelongso, aku sadar kok lek pastine gabakal iso ambe Januari. Sejauh iku harapanku tapi segampang iku areke ngomong koyok ngunu.

"Maaf" Januari nunduk arek e mungkin merasa bersalah dengan opo sing dee ucapkan, kene gatau berinteraksi iki ae kedua kalie kene omong-omongan lan sing pertama iku pas mpls dino pertama awal aku kenal dee.

Aku pun ngalih tekan pandangane Januari karo gowo minuman es teh nang ruang tamu, nde omah saiki gaonk wong. Wong tuwoku podo nang luar kota lan aku anak semata wayang.

   Konco-koncoku podo meneng kabeh, mungkin kabeh krungu opo sing tak omongno karo Januari.

Pirang jam berlalu, arek-arek podo berbincang lan Januari moleh disek karo Surya. Turin ngongkon aku sabar lan ngelalino Januari iki, kisahku sampe sak mene tok? sejauh iku aku berjalan tapi ancen kisahku sampe kene. Masio aku ngeroso aku lan Januari iki bakal iso bareng ternyata aku salah, rosoku nang areke sejauh Januari nang Desember gaakan pernah iso seorang aku Desember iso sedekat iku nang Januari.

Bagaimana kelanjutan kisah Desember lan Januari? Apakah hanya sampai titik dimana Januari menyatakan hal sejujurnya?

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun