Mohon tunggu...
S Darmaji
S Darmaji Mohon Tunggu... Administrasi - Pengalaman bidang Listrik punya setifikat kementrian AK3Listrik, tapi saat ini sebagi Petani Penggiat Porang Nusantara.

Menulis untuk berbagi,,,berbagi cerita, pengalaman hidup yang makin bertambah tua,,aku tidak lebih pintar, tapi mungkin hanya lebih dulu tau,,..

Selanjutnya

Tutup

Gaya Hidup Pilihan

Mabur Menyang Suroboyo

21 Juni 2016   16:21 Diperbarui: 21 Juni 2016   17:21 104
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Gaya Hidup. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Rawpixel

Telung minggu kepungkur aku kudu mangkat menyang Suroboyo mergo kejaan sing kudu tak lakoni, aning ora nginep langsung balik Jakarta sorene, aku bareng karo Mr. Pak, wong Korea.

Maklum aku lagi arep nembe numpak pesawat sepisan iki, dadi ora ngerti carane urutane nganti mlebu pesawat, aning mergo kloron karo Mr. Pak sing wis biasa numpak pesawat, aku nyante wae.

Cek'in, Waiting, Boarding, aku wes klakon mlebu pesawat, karo mau thilang-thileng dewe ndelok kahanan bandara, aning aku ora nganggo moto-moto opo maneh selfie, mergo isin ndak di kiro wong ndeso, padahal pancen yo ndeso.

Mlebu pesawat lungguhane ono telung kursi sak deret, aku lungguh paling tengah, sakwetoro Mr. Pak sebelah tengenku cerak koridor, lungguhan sebelah kiwoku iseh kosong.

Aku pas nelpon bojoku nang ngomah nganggo boso jowo, pamitan arak mabur critane, gunemane karo bojoku nang telpon ‘’ Aku wes munggah pesawat, ki nek arak di catet nomer penerbangane QG 811 di eling-eling,,wes ngono wae Hpne wes kon mateni iki,” pas aku nelpon ono wong wadon menganggone rodo seksi, rodo ayu, kiro-kiro se umuranku, deweke arep mlebu kursi paling pojok cerak cendelo aku kudu metu disek,  yen aku lungguh mesthi ora cukup mergo jarak kursine mepet, maklum kelas ekonomi.

Ora suwe ono pengumuman pesawat wes arep mabur, kabeh perangkat komuniksi elektronik di kon nyipet kabeh, aku mulai deg-degan bape wes arap mabur, ora mergo jejer wong wadon rodo ayu mau.

Sepuluh menit sak wise iku, pesawat sudah mengudara alias wes mabur, aku lego, lagi aku nyopo sandingku wong wadon mau, sakwetoro Mr. Pak tak umbar wae.

“Mau pergi ke mana mbak ?” pitakonku.

“Aku apek balik Suroboyo mas” jawabane wong wadon mau nganggo boso jowo ngoko logat Suroboyonan.

“Mas’e apek nyangdi” pitakone  wong wadon mau.

“Aku apek nyang pabrik micin mbak kerjo” sautku.

“Memang mas'e kerjo opo” pitakone maneh.

“Aku kerjo tukang listrik mbak, tukang nyekel setrum” jawabku.

“Ah mosok ? gak coyo aku” karo deweke mringis jawabe.

“Lho tenan, opo perlu bukti ? karo aku nuduhne telapakan tanganku tengen sing katon ngapal kandel tur kasar.

“Demeken nek gak percoyo tlapakanku iki ngapal mergo ben dino nekem tang, nguntir obeng” kandaku.

Wong wadon mau yo gelem wae ngelus tlapakanku sing ngapal kuandel, tur kasar, karo aku nyeletuk,

“Iki tlapakane wong lanang tenan mbak”.

“Kasar tenan rek” karo mringis deweke muni.

“ Ben wae” jawabaku entheng,.

“Lah nek mbak’e arep nyangndi njur kerjo nangndi ?”  pitakonku balik ndridil.

“Aku apek balik kampug mas, B*nyu_W*ngi mergo geweanku wes di gusur karo bupatine Tangerang” jawabe rodo lirih.

“lha memang mbake nyambut gawe opo” pitakonku maneh.

“Aku neng dadap dadi P*K mas” jawabane luweh lirih timbang mau.

Mak deg,,, mbatin ku, jujur temen wong wadon iki, gak isin-isin ngomong kerjo dadi Pek*rja_S*x_K*mers**l.

“Ah aku gak percoyo mbak, mosok sampean kerjo ngono” kandaku maneh.

“Lha sampean gak percoyo mas ?, biyen aku di tinggal bojoku lagek umur 20tahun kudu ngopeni anak sitok, aku mung lulusan SD, mergo bingung arep nyabutgawe opo, terus aku melok konco-konco kerjo nang ngono iku, saiki umurku wes patang puluh telu tahun, telu likur taun malang-melintang ning Ndoya Ireng, yo persis koyo sampean iku ngatek ngapal,, lha sampean nek gak coyo opo yo arep ndem*k ?” Kandane.

“ Ora mbak,, aku percoyo wes”, karo sedakep mripatku tak rem ke.

“ Kayane ngene iki nek turu penak mbak” gunem ku karo merem, mergo numpak motor mabur kuwi tibake ning nduwur sunyi senyap kabeh dho merem kepenaken, aku yo njur milu-milu merem kepenaken.

Salam..

Slamet Darmaji

17 Juni 2016

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Gaya Hidup Selengkapnya
Lihat Gaya Hidup Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun