Mohon tunggu...
Daniel Mashudi
Daniel Mashudi Mohon Tunggu... Freelancer - Kompasianer

https://samleinad.com E-mail: daniel.mashudi@yahoo.com

Selanjutnya

Tutup

Bahasa

"The Artist": Film Bisu sing Pancen 'Elegan' lan Wajib Ditonton

1 Maret 2012   17:52 Diperbarui: 25 Juni 2015   08:40 158
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
13306241491262247143

"Sing lawas wis rampung, sing anyar wis teka. Wenehana dalan marang wong-wong enom"

Kuwi salah sijining ukara kang ana ing film The Artist sing bisa nggambarake isi crita film kuwi. Mestine akeh sing wis padha weruh yen film 'The Artist' dadi juara ning Academy Award utawa Oscar taun 2012 sing acarane nembe wae rampung dina Minggu kepungkur. Film sing kalebu jenising film bisu lan nganggo gambar ireng putih iki dadi salah sijining film sing takincer-incer arep taktonton, soale aku penasaran banget kepingin weruh kaya apa istimewane film iki. Lan dhek Kemis sore mau sakwise bubar kerja, aku banjur mangkat menyang Serpong XXI sakarep nonton film iki.

[caption id="attachment_164134" align="aligncenter" width="615" caption="The Artist (sumber: Google)"][/caption]

Film iki diwiwiti kaanan utawa suasana tontonan ing gedung bioskop taun 1927. Dicritaake yen pemain film sing jenenge George Valentin lagi nekani tontonan premiere yakuwi film sing dimainke dening Valentine dhewe judule 'A Russian Affair'. Nalika semono, film sing diputer ora nganggo suara (utawa film bisu). Gambar ireng putih katon ning layar gedhe, lan ning ngarepe layar kuwi ana orkestra utawa musik kanggo ngiringi film. (Amarga kuwi, aku nembe ngerti apa sebabe bioskop diarani 'theater').

Sakrampunge acara kuwi, ning njobo gedhung bioskop Valentin diwawancarai akeh wartawan. Nalika Valentin lagi nggaya kanggo di-foto, ana wong wadon enom salah sijining penggemare Valentin jenenge Peppy Miller. Bukune Peppy ceblok lan nalika Peppy arep njupuk buku kuwi malah dheweke nggloyor nabrak Valentine. Pungkasane, fotone Peppy karo Valentin dadi headline koran.

Sakbanjure, nalika Kinograph Studio nganakake audisi penari kanggo salah sijining film sing dibintangi Valentin, Peppy uga melu audisi kuwi. Ringkes crita, Peppy ditrima dadi penari. Lan amarga jasane Valentin, karire Peppy dadi apik. Diwiwiti dadi penari, banjur dadi pemain pembantu lan pungkasane Peppy bisa dadi pemain utama.

Taun 1929, bos'e Kinograph sing jenenge Al Zimmer ngumumake yen dheweke ora bakal maneh nggawe film bisu. Valentin ora setuju karo rencanane Zimmer. Valentin banjur metu saka Kinograph lan nggawe perusahaan film dhewe. Nanging film-film bisu sing digawe dening Valentin ora akeh sing nonton lan pungkasane Valentin bangkrut. Ora mung kuwi, Valentin uga pisah karo bojone lan diusir dening bojone soko omah. Valentin banjur pindah ning apartemen lan ngedhol barang-barange kaya perabot, jas, foto lan liya-liyane kanggo nyukupi kebutuhan.

Beda karo Valentin, Peppy malah sukses lan dadi bintang film kondang. Film-filme laris lan akeh sing ndheleng. Valentin sing wis mlarat tambah entuk cilaka nalika apartemene kobong. Untung wae Valentin isih iso slamet lan dirawat ning rumah sakit. Peppy sing weruh kabar kuwi banjur nggawa Valentin sing durung sadar, dipindhah soko rumah sakit menyang omae Peppy dhewe.

Ringkes crita Peppy sing biyen ditulungi Valentin saengga iso dadi sukses, rumangsa duwe kuwajiban bales budhi marang Valentin. Pungkasane, Valentin iso dadi pemain film maneh lan gabung ning Kinograph amarga anggone Peppy ngrayu Miller.

***

Sakjane, dalan critane The Artist ya biasa-biasa wae. Sing nggawe film iki bedha lan istimewa karo film-film liyane yakuwi film sing tanpa swara utawa film bisu. Nanging senajan mung film bisu, gambar-gambare apik. Lakon Valentin lan Peppy uga bisa dimainke kanthi apik dening Jean Durjadin lan Berenice Bejo. Lan saka wiwitan nganti pungkasan, swara musik taun 1920-an sing endah dimainke lan nambahi film The Artist iki tambah istimewa.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun