Ning desa iketan tali seduluran kuwe esih kenceng, rasa welas asih karo tangga sedulur ya esih kenthel. Saben ana sing mriyang tangga-tangga lan sedulur pada niliki. Toli pirang-pirang cangkingane. Angger dideleng ngango ilmu psikologi, kuwe apik nemen, niliki wong mriyang tujuane  nggawe bungahe wong sing mriyang.  Jare ilmu psikologi wong mriyang bisa cepet mari angger atine seneng. Nah, sing kaya kiye wis dadi kebiasaan adat istiadate wong-wong desa, istilahe tepa selira, kudu terus dilestarikna aja nganti ilang minangkane wis dadi ciri khas tata prilakune wong desa.
Kaya esuk kiye, Darmi midar mider kaya wong keder, Raswad sing dadi bojone lah melu keder dilawani ora mangkat mbecak gur ngemong Darmi, bojo tercintane.
"Koen dongene ning apa sih, Mi, katone suker nemen, riwa riwi kaya wong keder?" Takon Raswad karo melu keder
"Iya, kang nyong keder men, ora nyekel duit!" Jare Darmi
"Lah persaku wingi wis tak nein sing nggo belanja karo duit nggo bayaran bocah sekola ana apa!"
"Iya kuwe tah esih ana, tapi duit liyane pan nggo niliki wong mriyang,"
"niliki wong mriyang, emange sapa sing mriyang?"
"Man Daslim Kang, wingi nyong lagi liwat weruh melasi nemen, mlakune dengklang,"
"Dihlah melasi temen, ya wis kuwe duit sing nggo bayar sekola kotonge denggo disit nggo niliki Man Daslim, ditokokna buah bae ya kena,"
"Temenan kang, ya wis nyong tak belanja tuku buah ya, kang, ngko niliki bareng"
Ora suwe Darmi gagiyan lunga maring pasar tuku buah pirang-pirang. Duwit sing nggo bayar sekola anake kuwe pikir keri, mengko mesti ana rejeki, sing penting bisa tepa selira karo Man Daslim, wong sing wis dianggep kaya sedulur perek.