Mohon tunggu...
Kholik
Kholik Mohon Tunggu... Desainer - Orang Kampung yang pengin bisa nulis

main-mainlah kemari http://dimazdewantara.blogspot.co.id/2016/09/blog-post_6.html

Selanjutnya

Tutup

Humor

Niliki Wong Mriyang

16 September 2019   10:00 Diperbarui: 16 September 2019   10:07 61
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humor. Sumber ilustrasi: PEXELS/Gratisography

Ning desa iketan tali seduluran kuwe esih kenceng, rasa welas asih karo tangga sedulur ya esih kenthel. Saben ana sing mriyang tangga-tangga lan sedulur pada niliki. Toli pirang-pirang cangkingane. Angger dideleng ngango ilmu psikologi, kuwe apik nemen, niliki wong mriyang tujuane  nggawe bungahe wong sing mriyang.  Jare ilmu psikologi wong mriyang bisa cepet mari angger atine seneng. Nah, sing kaya kiye wis dadi kebiasaan adat istiadate wong-wong desa, istilahe tepa selira, kudu terus dilestarikna aja nganti ilang minangkane wis dadi ciri khas tata prilakune wong desa.

Kaya esuk kiye, Darmi midar mider kaya wong keder, Raswad sing dadi bojone lah melu keder dilawani ora mangkat mbecak gur ngemong Darmi, bojo tercintane.

"Koen dongene ning apa sih, Mi, katone suker nemen, riwa riwi kaya wong keder?" Takon Raswad karo melu keder

"Iya, kang nyong keder men, ora nyekel duit!" Jare Darmi

"Lah persaku wingi wis tak nein sing nggo belanja karo duit nggo bayaran bocah sekola ana apa!"

"Iya kuwe tah esih ana, tapi duit liyane pan nggo niliki wong mriyang,"

"niliki wong mriyang, emange sapa sing mriyang?"

"Man Daslim Kang, wingi nyong lagi liwat weruh melasi nemen, mlakune dengklang,"

"Dihlah melasi temen, ya wis kuwe duit sing nggo bayar sekola kotonge denggo disit nggo niliki Man Daslim, ditokokna buah bae ya kena,"

"Temenan kang, ya wis nyong tak belanja tuku buah ya, kang, ngko niliki bareng"

Ora suwe Darmi gagiyan lunga maring pasar tuku buah pirang-pirang. Duwit sing nggo bayar sekola anake kuwe pikir keri, mengko mesti ana rejeki, sing penting bisa tepa selira karo Man Daslim, wong sing wis dianggep kaya sedulur perek.

Balik sing pasar Darmi karo Raswad niliki Man Daslim. NIng umahe man Daslim sepi anane anake tok.

"Tong manemu maring endi terus bapamu priben?" Darmi takon karo anake Man Daslim sing paling ciliki

"Mane miki maring pasar, ari bapa tah sing mau turu bae" Jare kotonge

Darmi merkabak matane, sing ana ning pikirane mesti Man Daslim ora kuwat nyangga lara sampe sampe sikile dengklang.  Darmi karo Raswad gagiyan marani Man Daslim sing lagi turu.

"Dih melas temen ya sampeyan Man Daslim, sikile dengklang, padahal kuwe sikil sing nggo nggnjot becak luruh napkahe sampeyan, Sing sabar ya Man Daslim, kiye mungkin cobaane sampeyan, tapi pasti engko mari ka" Jare Darmi matane karo merkabak ndelengn Daslim sing lagi turu ngringkel

Krungu gremang gremeng ana wong ngomong, Daslim Tangi ucek ucek matane.

"Eh, Darmi raswad, ana apa kiye daning pada merkabak kaya kuwe karo nggawa buah ana apa?" Takon Man Daslim

"Iya Man, kiye nyong karo Raswad niliki sampeyan, wingi weruh sampeyan mlakune dengklang nganti mriyang ana apa, ya alloh melas temen rika, terus saikine sampeyan kaya kiye glelengan bae ora bisa mlaku"

"Diihlah, sapa sing mriyang nyong ora apa-apa ka, wingi dengklang tah gara-garane nyong kas ngedek tembelek!"

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun