Mohon tunggu...
CETTA NARESWARI
CETTA NARESWARI Mohon Tunggu... Atlet - PELAJAR

Saya atlit Baseball Malang yang bersekolah di SMA Negeri 3 Malang.

Selanjutnya

Tutup

Ilmu Sosbud

Mangeti dina dadi SMAN 3 Kanthi Pranatacara B-NIGHT 2023

18 Agustus 2023   08:34 Diperbarui: 18 Agustus 2023   08:51 97
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Bhawikarsu Night, utawa sing biasa dikenal ambek jeneng B-NIGHT, yaiku acara tahunan sing mesti ben tahun digelar karo SMA Negeri 3 Malang gawe memperingati dina ulang tahune SMA Negeri 3 Malang ing tanggal 8 Agustus. Ben Tahune, tema sing digawe karo B-NIGHT mesti bedo-bedo. Acara iki uga digelar gawe masyarakat umum, dadi acara B-NIGHT ora mek iso dinikmati karo warga SMA Negeri 3 Malang. 

Tahun 2023 iki, tema sing digawe B-NIGHT radak bedo ketimbang B-NIGHT tahun-tahun sakdurunge. Tahun iki, B-NIGHT ana kolaborasi ambek acara tahunan SMA Negeri 3 liyane sing gak kalah asik, yaiku PSCS. Kolaborasi antara B-NIGHT lan PSCS iki akhire ngelahirno tema "CITRA SMANTI VOL.1 ; Love On The Movie Screen". Lan bedane maneh, acara gabungan B-NIGHT lan PSCS tahun iki kerasa lebih privat amarga dilaksanakake ing lapangan sekolah SMA Negeri 3 Malang. 

Jlentrehan saka tema tahun iki dewe yaiku, "Love" sing bahasa jawa ne "Tresna" yaiku emosi sing kuat marang samubarang sing endah lan nggowo kebahagiaan gawe sapa ae sing ngrasake. Ambek anane konsep iki, diharapake acara iki iso nggowo roso bahagia gawe kabeh penonton lan kabeh pihak sing mendukung B-NIGHT 2023 kaya ndek layar film.

Ben tahune, acara iki duwe 3 tatanan acara sing wis pasti dilakokake. Yaiku sing pertama "PRA HUT" sing isine lomba-lomba lan kagiyatan seneng-seneng ndek sekolah. Sing ke-loro yaiku "PUNCAK HUT" sing isine upacara kanggo memperingati hari ulang tahune SMA Negeri 3 Malang ing tanggal 8 Agustus. Sing terakhir yaiku "B-NIGHT" utawa Bhawikarsu Night, ndek endi wektune isuk, murid-murid kabeh bakal jalan sehat, lan bengi ne ana acara konser.

Ndek B-NIGHT dewe setiap tahune bakal nampilno film pendek sing diproduksi karo tim BPRO, sing dianggotai karo anak Bhawikarsu lan alumni Bhawikarsu. Film iki setiap tahune bakal tampil ambek tema sing bedo-bedo pisan, nyesuaino tema B-NIGHT tahun iku. 

Selain ana tampilan film pendek, setiap tahune, acara B-NIGHT bakal nampilno murid-murid per-angkatane, termasuk angkatan adek-adek kelas 10 sing isih anyar. Selain iku uga bakal nampilna artis sing wis disiapno karo panitia. Tahun iki ana sing spesial, amarga bintang tamu artis sing teka yaiku alumni Bhawikarsu sing wis merintis karir dadi musisi terkenal ndek Indonesia, yaiku Coldiac.

Kaya tahun-tahun sakdurunge, pastine ndek acara B-NIGHT iki bakal ngentekno akeh banget biaya, amarga acara sing digelar uga kelebu acara gede. Tapi, setiap tahune, biaya kasebut ketutup amarga murid-murid lan alumni gotong royong ngewangi ambek menyumbang seikhlasnya. Hal iki berhasil ngebuktekno yen pancene keluarga BHAWIKARSU sing isih sekolah utawa sing wes lulus, isih gotong royong kanggo memeriahkan acara ulang tahun SMA Negeri 3 Malang. 

Ora mandek ndek kene, B-NIGHT 2023 uga ngewenehi bocoran nang awake kabeh, yaiku bakal ana lanjutan totok "CITRA SMANTI VOL.1". Dadi, dienteni wae!

Mohon tunggu...

Lihat Konten Ilmu Sosbud Selengkapnya
Lihat Ilmu Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun