Sabar
Sabar iku lakune wong kang ora gampang nggresulo, ora gampang nesu, ora gampang kagol, ora gampang kuciwo lan sak panunggalane, sabar iku ora ono wakete, ora ono bates yen ono batese iku dudu sabar.
Wong sing sabar iku wis dunung ngerti papan dununge kang dituju, ngerti opo kang bakal di temoni mulo iso nompo opo wae paringane Gusti ( qonaah ), sabar iku tatag atine ora gampang owah gingsir senadyan ketemu beboyo pati, sambekolo opo maneh mung ombaking bebrayan alam donyo
Sareh
Sareh iku lakune barengi sabar ora grusah grusuh ora kesusu tansah ati – ati anaming tetep lumaku marang kang di tuju, gegayutan karo ngelmu wong kang sareh iku ora duwe roso ngrumangsani biso lan gumede, sareh bakal nemoni kahanan kang dituju iku amargo wis dunung opo kang bakal di temoni podo karo pitukone lan lakune. Dadi ora bakal kito kabeh nemoni kang bedo karo lakune dewe – dewe, kabeh uwong bakal ngunduh wohing pakartine dewe – dewe.
Sumeh
Sumeh iku ateges iso bungah kang sakcukupe naliko nemoni kahanan kang ora becik, senadyan kahanan iku ora penak banget neng lahir lan bathin, anaming kito tetep kudu iso sumeh.
Wong kang iso tansah sumeh iku wong kang nentremake marang liyan, kepenak di sawang lan gawe bungahing ati. Mulo sumeh iku perlu banget kanggo bebrayan agung marang sepodo - podo, marang kabeh mahkluk ing alam dunyo
Paweh
Paweh iku wong seneng peparing marang sopo wae ( coro islam paweh iku sodaqoh ), duwe roso welas asih sih duwur, ora mbedakake marang sepodo – podo, amargo wong kang seneng paweh ngerti kabeh neng alam donyo iku umate Gusti Kang Moho Agung, wong kang seneng paweh iku ateges melu ngrumat umate Gusti, wong jowo iku duwe paugeran paweh iku wujude ono telung perkoro :
1.Tutur
Paweh tutur iku sodaqoh liwat omongan, seneng nyebar ilmu sing becik, seneng ngandani dalan kang becik marang sopo wae opo maneh wong kang lagi nandang susah.
Contone paweh tutur itu koyo wong kang dadi guru
2.Wur.
Paweh wur utowo sodaqoh wur iku seneng andum rejeki, menehi rejeki marang liyan sing wujude bondo donyo koyo arto, sandangan, pangan lan sak panunggalane
3.Sembur
Paweh sembur utowo sodaqoh Sembur iku wujude doa kang mustajab, akeh wong winasis lan becik atine saben dino paweh kang tan kiniro, paring doa marang sepodo – podo anaming sik di paringi doa utowo sik di doake ora ngerti, wong kang seneng paweh sembur iku unggul derajade amergo duwe roso welas asih marang sepodo – podo tan pilih kasih, wong kang olo di doake supoyo dadi apik wong sik apik di doake supoyo luwih becik lan di paringi dalan kang paling apik marang Gusti
Paweh iku ugo becik yen runtut miturut paugeran, paweh kang becik iku di utamaake kanggo :
1.Sak kasur
Sak kasur iku kanggo anak bodjo, dadi ojo nganti yen sliramu paring sodaqoh yen wis duwe anak bodjo kapiran, wong sing paling cerak kudu di utamake, ora keno kainan
2.Sak dapur
Sak dapur iku kanggo poro sedulur, yen wis biso nyukupi kanggo anak bodjo wis pantese kudu iso sodaqoh marang sedulur cerak
3.Sak sumur
Zaman mbiyen sumur iku ora okeh menowo sak kampong mung ono siji, mulo sodaqoh sak sumur iku kanggo poro tonggo lan seulur liyo kang luwih adoh.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI