Mohon tunggu...
Dina Sulistyaningtias
Dina Sulistyaningtias Mohon Tunggu... karyawan swasta -

mom of two, Roker KRL Bogor-Jakarta, blogwalker, oknum @KoplakYoBand bergelar bu kepsek (tanpa nomor punggung 1)

Selanjutnya

Tutup

Humor

Rak Bakat Mbeling

27 Agustus 2010   02:33 Diperbarui: 26 Juni 2015   13:40 441
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Mohon maaf apabila subtitle “Bahasa” tidak tersedia di bawah ini. Bukan bermaksud primordialis atau bahkan rasis, hanya saja translator lagi sibuk.....dugem (dunia gemblung).

Iki critane arep nguri-uri kabudayan jowo, mergo aku urip adoh ning paran. Nganggo boso jowo opo anane wae, ora kromo inggil, maklum wae aku dudu wartawan Panyebar Semangat, majalahe almarhum Mbah Putriku sing waktu SD disik aku senenge moco bab “alaming lelembut” hiiiiii........

Setting-e ning SMA 5 Semarang, kiro-kiro tahun 1993, pas kelas 3 SMA. Wektu kuwi bar istirahat ke-2, pelajarane Bahasa Inggris, sing ngajar Bu Sumarah, sampun radi sepuh, trus nek ngajar vocabulary-ne saking akeh-e iso dadi kamus hehehe...

Dienten-enteni kok Bu Guru-ku iki rak rawuh-rawuh. Bocah-bocah wis mulai podho gelisah (jan-janne sih malah seneng), ono sing klisikan, glenikan, balang-balangan, wis pokoke rak karu-karuan. “Wah, mesti pelajaran kosong ki”, aku mbatin. Aku karo cah-cah wedok sing maune glenikan mulai rembugan ngrencanakne niat rak apik.Mboh sopo sing ngajaki, akhire mung aku karo Maya sing wani arep “cabut”. “Cabut”-e sih rak adoh-adoh, paling banter yo nyoto ning kantin Bu Bejo, nek ora yo mung ning perpus nonton “Maria Mercedes” sing lagi rame-ramene.

Maya : “Piye Din, wani ra??”

Aku: “Ayoo, sopo wedi??” (critane rak trimo ditantang koyo ngono)

Ra suwe aku karo Maya nginclik maju mengarep arep metu kelas. Durung ngasi tekan lawang, Maya mlayu mbalik lungguh ning bangkune. Karo rodo bingung, aku tetep mlaku arep metu karo muni “Halah, jereh kowe May!!”.

Eh..ladalah...mak jegagik persis ning lawang aku adep-adepan karo Bu Sumarah sing arep mlebu kelas. Gantian aku sing mlayu mbalik lunggohanku karo ndingkluk ra-iso-ngomong. Bu Sumarah marani bangku-ku, ngelus-elus gegerku karo nada keibuan disambi ngendikan ngene “Mbak, kalo mau ‘cabut’ jangan malu-malu !!”. Weleeeehhhh....usinne puolllll !!!

Karo cah mburi sing duwe gelar GPK (Gerakan Pengacau Kelas), aku dibalangi kertas karo podho misuh-misuh ngene :

Ngisin-ngisini pencabut profesional !!”

“Cabut pisan wae konangan...kereee... !!”...lsp..lsp (lan sak panunggalane)

Jebule to jebule... Maya ki soko jendelo wis weruh Bu Guru kuwi mlaku moro kelas. Lha aku..piye arep weruh..lha wong rak gaduk kok !! Nggambus-e si Maya, aku rak dikandani, alesanne rak ono wektu kadung Ibu’e wis cedhak, Wasyeeeemmmm.....

NomBok sithik :


  1. Timbang ngrasani wong liyo, mending cerito ngene, opomaneh cerito iki kan nandakne aku ora bakat mbeling...yo rak??
  2. Kagem Bu Sumarah : salam sungkem Bu... (boso jowone : piss !!)
  3. Kanggo anakku Lala & Azka : ojo ditiru yo !!

Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun