Mohon tunggu...
Bubup Prameshwara
Bubup Prameshwara Mohon Tunggu... Operator - Uyeah

Kadang saya memikirkan apa yg terjadi di indonesia ini, sungguh bikin "miris". Tapi kadang saya juga merasa tak ada gunanya memikirkan apa yg sedang saya pikirkan :O

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Opera van Java

24 Agustus 2011   13:52 Diperbarui: 26 Juni 2015   02:30 307
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Puisi. Sumber ilustrasi: PEXELS/icon0.com

"Opera van Java"

(Modern Ora Kudu Lali Budayane)

Dicritakno ono ing sawijining desa sing reja budaya Jawane. Bocah-bocahe akeh sing podho nguri-uri budaya Jawa, salah sawijining yoiku dolanan khas tradisi leluhur koyo toh dakon, jamuran, engklek, cublak-cublak suweng, gobak sodor, lan sakpiturute iku dadi kebiasaane bocah-bocah kanggo ngisi wektu luang. Opo maneh wanci wulan purnama, bocah-bocah akeh sing podho metu soko ngomah sakwise rampung anggone podho sinau. Padhange rembulan nambahi semarake bocah-bocah sing podho rame dolanan sinambi bungah geguyonan. Kahanan uriping ndesa sing reja iku mau mulai sithik-sithik ilang nalika katekanan Brandon, bocah anyar pindahan soko Jakarta. Bocah-bocah ndesa akeh sing podho kepincut tingkah polahe Brandon sing dianggep “anak modern”, lan mulai nganggep budaya tradisional iku wus ketinggalan jaman. Kepriye cerita saklanjute, monggo langsung menyang Te-Ka-Peee…..

Alur I

- Gambaran masyarakat tradisional

- Teka Brandon, kemaki, mbujuki kanca-kanbane

- Satriyo lan Sulistyani ora terpengaruh. Bocah-bocah liyane akeh sing terpengaruh. Gito lan Panjul sing bocahe ora duwe pendirian, malai mbingungi melu kono lan melu kene.

Bocah-bocah sing terpengaruh Brandon iku podho mulai seneng dolan lali wektu. Mulih sekolah ora langsung podho mulih ngomah, malahan podho dolan ono ing warnet sakperlu onlen, chating, lan game onlen. Kejobo iku, bocah-bocah lanang sing podho ngaku gaul iku uga lali wayah maen playstation, mulih wanci magrib nganti lali pagawean ngrewangi wong tuwa lan kewajibaning kudu sinau. Kepriye tingkah polahe bocah-bocah gaul iku mau, monggo tanpa iklan langsung meluncur menyang Te-Ka-Peeee….

Alur II

- Bocah-bocah podho gaul (ps, chatting, game onlen)

- Pake Parjo marani menyang tongkrongane bocah-bocah iku mau

Bapake Parjo mulai muring-muring amarga tingkah polah anake sing mulai sering ninggalke kewajiban pagawean lan sinaune. Ditambah maneh, si Parjo sering nyuwun sangu tambahan saben dina, jebulane yo kanggo dolan-dolan iku. Monggo dilanjut ono ing Te-Ka-Peeeee..

Alur III

- Prolog Pake Parjo mbahas Kamardikan Indonesia

- Teka Pake Jupri, nguda rasa

- Lewat Satriyo lan Sulityani sing ameh mangkat latihan ndalang lan seni tari

Parjo, Jupri, Katijem, Suliyah, Gito, lan Panjul, bocah sing ngaku “anak gaul” iku podho gawe rencana ameh dolan kongkow-kongkow. Gito lan Panjul sing bocahe ora duwe pendirian iku katut gegawa pengen melu gaul. Rencana opo sing digawe bocah-bocah iku, monggo nyimak langsung menyang Te-Ka-Peeeee….

Alur IV

- Bocah gaul podho kumpul gawe rencana

- Lewat Satriyo lan Sulistyani sing lagi muleh latihan ndalang lan seni tari

- Bocah gaul podho ngrasani Satriyo lan Sulistyani

Ono ing dina kang wus direncanaake, bocah-bocah gaul iku mau rame-rame dolan menyang mall sakperlu ameh nongkrong kongkow-kongkow sinambi tebar pesona. Bocah-bocah iku mau mulai ngrasani Satriyo lan Sulistyani amarga ora gelem diajak gaul. Ora disangka lan dinyana, jebulane ono ing mall iku mau ono kejadian sing gawe bocah-bocah gaul iku podho cep klakep (yaaaa), ndomblong (yaaaaa), terkejut (yaaaaa), terpana (yaaaaa), tersepona (yaaaaa), terheran-heran (yaaaaa), iki opo toh dalang koq disenggaki, emange aku koyo Tukul Arwana po ?

Yowes, kejadian opo iku, langsung wae menyang Te-Ka-Peeeee…

Alur V

- Bocah gaul dolan ono ing mall

- Reti pementasane Satriyo lan Sulistyani

Muleh soko mall, bocah-bocah gaul iku mau podho mulai mbahas Satriyo lan Sulisyani, kanca sing sakjroning wektu sering dianggep kuno lan ora gaul blas iku. Opo wae sing podho dibahas bocah-bocah iku ? Opo toh samsoyo ngelek-elek Satriyo lan Sulistyani ? Monggo dilanjut langsung ono ing Te-Ka-Peeeee….

Alur VI

- Bocah-bocah podho mbahas prestasine Satriyo lan Sulistyani

- Podho getun

Iku mau cerita ing sawijining desa, muga-muga isoho dadi pelajaran kanggo kita sedaya. Modernisasi ora kudu ninggalke opo-opo tradisine masyarakat leluhur. Modernisasi kudu bisa dimanfaatke kanggo mbangun karakter lan kebudayaan bangsa. Koyo toh sing wus tau ditegaske marang Pak Jokowi, “SOLO FUTURE IS THE PAST"

Tokoh-tokoh cerita

1. Brandon

2. Satriyo

3. Sulistyani

4. Parjo (nama gaul : Jojo)

5. Jupri (nama gaul : Erick)

6. Katijem (nama gaul : Chatty)

7. Suliyah (nama gaul : Sally)

8. Gito

9. Panjul

10. Pake Parjo

11. Pake Erick

Opera van Java ini akan dipentaskan pada tanggal 4 September 2011 untuk memperingati HUT RI sekaligus halalbihalal warga KAMUS Sukoharjo (Komunikasi antar muda-mudi RW satu). Mengenai detail operanya, insya Allah akan diposting nanti setelah pementasan. Doakan lancar yaaaaa :)

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun