Mohon tunggu...
budi santosa
budi santosa Mohon Tunggu... -

dosen ptn

Selanjutnya

Tutup

Fiksiana

Ambane Jangkah (Bag - 1)

20 April 2018   04:29 Diperbarui: 20 April 2018   04:47 997
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Novel. Sumber ilustrasi: PEXELS/Fotografierende

Tekane Pangarep

Sore kuwi Kasminto lagi wae mulih saka kantor. Omahe ora adoh, kira-kira 15 menit wis cukup kanggo nempuh jarak saka kantor. Tekan ngarep omah, pas nyang ngarep lawang, Kasminto meruhi ana surat gemlethak ana nduwur meja. Atine dheg-dhegan, merga ora biasa nyawang sampul surat werna putih semu coklat lan ana kop surat salah sijining universitas ing Amerika. Pancen sawetara iki dheweke ngelamar sekolah nyang Amerika . Ana telung universitas sing didaftar. Wis kira-kira telung sasi kepungkur lamaran dikirim lewat pos. Kasminto tansah nunggu-nggu ana kabar saka universitas-universitas sing dilamar kuwi. Ora sronto selak ngerti apa isine, surat kuwi cepet-cepet dibukak lan diwaca kanthi teliti.

Kasminto isih ora percaya maca larik-larik surat sing isine ndadekake atine mongkok. Isi surat kuwi mratelakake menawa dheweke ketampa sekolah master ana ing Oklahoma.

"We are pleased to inform you that you are admitted in School of Industrial Engineering University of Oklahoma .........".
Mangsa gugur sasi Agustus ngarep iki dheweke kudu wis budhal menyang Amerika. Atine bungah nanging ya bingung kecampur lawan wedi. Wektu persiapan kira-kira ana petang wulan.

Kasminto lungguh nyang kursi ruang tamu, mbaleni maca maneh isi layang sing lagi ditampa kuwi. Dimatke meneh larik-larik lan ukara ing layang kuwi. Aja nganti salah maca. Kasminto ngrasa bersyukur nyang njeron atine. Pepinginane awet suwe sekolah nyang negara manca bakal keturutan.

Nanging dheweke durung mesti menawa isa entuk beasiswa. Kudu diurus dhisik syarat-syarate menyang kantore. Merga taun iki sisa beasiswa gari siji lan kuwi dinggo rebutan wong akeh. Sakdurunge iki wis kerep dheweke nglamar beasiswa. Wis tau nyoba beasiswa  saka pemerintah Jepang kaya Monbusho, utawa perusahaan kaya Hitachi. Nanging durung nasibe. Wis tau nyoba ugo beasiswa Chevening saka Inggris, ning ya ra diceluk kanggo tes. Lan ana sing liyane meneh, ning durung ana sing kasil.

Kajobo kuwi, dheweke mikir wong tuwane, utamane bapake sing lagi nandang lara. Wis pirang-pirang taun bapakke lara paru-paru. Dheweke pancen rutin mulih tilik wong tuwo karo menehi dhuwit kanggo tuku obat paling ora rong minggu sepisan. Bapakke seminggu pisan kudu tuku obat semprot kanggo ngurangi sesek. Sanajan Kasminto kalebu bocah nakal, nanging babakan ngabekti marang wong tuwo, isa kanggo conto. Ora tau lali mikirke kahanane wong tuwane. Saben mulih mesti ninggali duit lan takon apa wae kang dipingini bapak ibuke. Merga dheweke ngerti kaya ngapa rekasane wong tuwane nalika nggedheke anak-anake lan piye wong tuwane mobat- mabit kiwa tengen ben isa menehi bekal sekolah sing cukup kanggo anak-anake. Lan ana sing dipikir meneh yaiku pacare sing jenenge Wiranti.

Bocah wadon iki wis 4 taun nduwe hubungan katresnan karo Kasminto. Wiranti iki itungane adik kelas wektu  SMA karo Kasminto. Wiranti dhewe ya nyambut gawe dadi guru ana ing salah sijine sekolah ana ing tlatah Klaten. Menawa sida budhal dheweke kudu nggenahke piye bacute hubungan katresnane karo Wiranti. Apa ndang nikah, apa ya cukup hubungan kaya saiki, ora ana tali aturan sing ngresmekke hubungane. Kasminto dudu tipe wong lanang sing gampang tresna marang sembarang wanita. Ngenani urusan katresnan, Kasminto tergolong ngati-ati, ora gampang janji, ora gampang mblenjani.

Kebeneran dina iki dina Jum'at. Dadi kudu nunggu 3 dina maneh kanggo nglaporke kabar apik iki menyang kantore. Kasminto mikir luwih apik mulih ndeso nemoni wong tuwane kanggo mratelakake kabar apik iki. Sisan nemoni Wiranti kanggo ngrembug piye amrih apike bacute hubungan antarane dheweke. Kabar iki ora isa cepet-cepet dikandake marang wong tuwane utawa Wiranti. Omahe wong tuwane ora ana telpon. Semono ugo Wiranti ya ora nduwe telpon. Dadi pancen kudu mulih ben isa ketemu langsung.

Bengi kuwi Kasminto numpak sepeda motor nuju terminal bis antar kota Surabaya. Kaya biasane sepeda motor dititip ana ing terminal. Banjur dheweke numpak bis Jurusan Jogja mudhun nyang Solo. Bis wis mlaku ninggalke terminal Bungurasih, jam 10 bengi, Kasminto ora isa turu, theklak-thekluk ana njeron bis. Bis mlayu banter merga dalan sepi. 

Nyawang kiwo tengen, penumpang kabeh padha turu angler. Gur Kasminto ndhewe kelap-kelip ora isa turu mikir piye masa depane yen dheweke sida budhal sekolah. Kepiye suk yen kudu budhal, apa ya isa dheweke nglakoni urip nyang negara manca saksuwene 2 taun. Lha saktenane dheweke ora tau menyang luar negeri, basa Inggrise ya isih blekak blekuk, ora tau numpak montor mabur, ora tau mangan pizza, isih seneng gereh utawa sayur asem. Pokoke Kasminto mumet sirahe sanajan atine seneng. Dheweke banjur kelingan lelakon sing wis dialami saksuwene iki.

Kira-kira nem sasi dheweke kursus bahasa Inggris ben bijine mundhak. Wektu iku dheweke kudu mondok nyang Jogja ninggalke pakaryane minangka dosen nyang Surabaya. Sawise kursus 6 sasi, alhamdulillah bijine bahasa Inggris wis sakdhuwure 550, biji TOEFL. Kuwi ya wis diewangi nganggo poso Senin-Kamis lan sholat kajad saben bengi ora tau kendhat. 

Sawise entuk biji semono, banjur nglamar-nglamar sekolah nyang Inggris lan Kanada, nanging ora ana sing ketampa. Wis nate nyoba nglamar nyang Australia, ketampa, nanging karo atasane ora diijinke budhal. Atasane ora ngomog apa alesan sakbenere. Nanging Kasminto krungu merga sekolah sing nampa kuwi jare rada ora apik mutune. Ya wis Kasminto nrimo. Sanajan atine ya gela. Kamangka wektu kuwi Kasminta wis seneng lan mbayangke bakal budhal menyang Australia. Nanging pengarepe ya mung pengarep-arep wae ora dadi kawujud.

Kasminto nganggep kabeh lelakon mau pancen kudu dialami. Ora ngerti piye akhire mengko. Malah saksuwene nunggu nggolek sekolah kuwi, dheweke isa mbangun omah raketang mung cilik tur ya sak anane, asal ngadeg. Dadi yen sawektu-wektu arep nglamar Wiranti, ana sing diandelke.

Omah kanggone wong Jawa iku kalebu sarana kang penting kanggo persiapan urip bebrayan. Nanging nganti saiki yen pinuju ngomongke urip bebrayan, Wiranti mesti ngomong durung siap. Wis ana kaping telu Kasminto nyoba ngajak ngomong Wiranti babakan hubungane. Biasane pihak wong lanang sing durung siap. Ananging kasuse Kasminto iki malah kuwalik.

"Dik piye, kapan siap tak lamar?" ngono sawijining dina Kasminto takon.

"Aja saiki Mas aku isih pingin mikir penggawean."

Dadi akhire Kasminto sok-sok malah mikir kanggo mutus hubungan katresnane karo Wiranti. Apa meneh saiki dheweke arep sekolah ana manca negara, kanthi wektu sing cukup dawa. Menawa ora ndang gage-gage nikah, bisa-bisa malah hubungane tambah ora jelas. Mbuh mbok menawa bubar krungu kabar iki terus Wiranti gelem ndang dirabi.

Ora krasa bis wis tekan terminal Tirtonadi, Solo. Kira-kira jam setengah papat esuk. Terminal mulai rame, akeh sliwar sliwer kendaraan lewat mlebu metu terminal. Bis-bis saka Jakarta, Bandung wis mulai teka. Warung-warung sak cedhake kana wis mulai bukak. Ana sing nyetel radio, swara gamelan, uro-urone sindhen lan suluk dhalang wayang kulit radio-radio Solo gembrenggeng. Ndadeke suasana khas kota Solo mulai krasa. Kasminto sadar saka lamunane.

Dheweke cepet-cepet ndang mudhun, nggolek mesjid nyang njeron terminal kanggo nindake sholat subuhAna sawetara wektu nunggu swara adzan, karo leyeh-leyeh nyang emper mesjid. Hawane isih krasa adhem. Sakjane Kasminto pingin ndang tekan omah ben isa ndang crito karo bapak ibuke. Mesti bapak ibuke bakal mongkok ugo atine. Nanging bis jurusan Jogja jam semene isih durung budhal. Dadi luwih prayoga pancen sholat subuh dhisik, ora usah kesusu.

Kasminto jaman cilikane jane ora ketok yen nduwe bakat sekolah. Senengane yen awan mulih sekolah nggolek iwak nyang kali. Yen bengi senenge nyuluh nggolek welut. Menawa sekolah, awet SD langganan diseneni gurune merga ra tau nggarap PR. Malah kerep munggah kelas kanthi biji sing pas-pasan. Nanging pancen dheweke seneng kekancan, kancane akeh, kegiatan apa-apa diiloni. Ubyang-ubyung organisasi meh saben dina. Wong tuwane ya judeg mikir bocah iki. Ning ya isih beja akhire isa ketampa nyang sekolah negeri, dadi wong tuwo ora kabotan anggone ngragati. (ana tutuge)

#Kasminto

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Fiksiana Selengkapnya
Lihat Fiksiana Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun