Mohon tunggu...
Awang Bagas
Awang Bagas Mohon Tunggu... Pelajar Sekolah - Pelajar

Baik

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Suara Batin Bocah

19 Oktober 2023   11:30 Diperbarui: 19 Oktober 2023   11:33 98
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

       Dina kie alya sarapan dewekan maning kaya dina-dina sehurunge.Dina sehurunge ayah lan bundane juga janji arep sarapan bareng tapi pranyata saiki ora sida.

       Akhire alya mangkat sekolah dewekan.Pas jam istirahat kelase alya selalu maem bareng-bareng.Dina kie juga kaya kue.Batir-batire pada cerita digawekna bekel sing bentuke lucu lucu ding mamane.Ning kono alya mung cuman bisa grentes nang ati sedih amarga deweke ora tau digawekna bekel daning bundane.Setiap dina digawekna dening mba darmi.

       Jam pelajaran entek alya langsung maring halte bis ngenteni bis nanging ora teka teka.Pas lagi ngenteni bis teka tiba-tiba gurune alya teka.

"Alya bisane durung balik?".takon buguru maring alya

"Enggih bu,bise dereng teka".wangsulane alya

"Arep ditlepona wong tuane ben ana sing njemput,mboten?".takon buguru maring alya

"Enggih bu,yen mboten nganggu bu guru".wangsulane alya

       Bu guru nelpon wong tuane alya nenging ternyata ora bisa dihubungi kabeh.Buguru nawakake arep nganter alya meng umah,tapi alya nolak.Akhire alya tetp ngenteni bis tapi langit wis peteng bis durung teka .Alya mlaku karo nangis amarga womg tuane sibuk kerja.Alya mlaku karo nangis ternyata deweke ora sadar ana trek banter deweke lagi ning tengah-tengah dalan.kedadean ora dikarepke malah kedadean alya sing kaget ana trek nglakson deweke njerit karo mata sing masih metukna banyu mata.

       Alya akhire digawa wong-wong sing weruh kedadean kue marang rumah sakit paling perek.Tapi ternyata alya ora bisa ditolong amarga lukane parah.

      Wong tuane dinei kabar saking rumah sakit iku anake sing arane alya ninggal amarga kecelakaan.Akhire wong tuane alya teka maring rumah sakit njemput jenazah anake lan langsung nyiapkake pemakaman ngo makamna alya.Sawis e alya dimakamna wong tuane langsung nyesel amarga ora bisa njemput alya amarga sibuk kerja.Pas mbuka buku diarine alya wong tuane mbeke sadar sing di butuhna anake kue perhatian lan kasih sayang hudu duit sing selama kie wong tuane kejar-kejar.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun