Mohon tunggu...
Atiek Rachmawati
Atiek Rachmawati Mohon Tunggu... Guru - Guru

Pendidik

Selanjutnya

Tutup

Puisi

Udan Salah Mangsa (Menuju Antologi Geguritan)

11 Februari 2023   12:33 Diperbarui: 11 Februari 2023   12:46 3639
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

GEGURITAN 1

UDAN SALAH MANGSA

Dening : Atiek Rachmawati

Geneya udan ing mangsa ketiga
Banjur aku nyalahake sapa
Apa udan ?
Apa mangsa ?
Apa manungsa ?


Kersane sing kuwasa
Kanggo kaca benggala
samubarang gawe waton sulaya
manungsa wis lali marang sing kuasa
kapencut marang pangkat lan bandha
tindhak tandhuke tansah reka reka
tundhanipun manungsa mangan manungsa


Ealah pancen jamanne jaman edan
Yen ora melu ngedan pancen ora bakal keduman
Dumeh wis mulya
Lali samubarang cipta, rasa apa maneh karsa


Udan salah mangsa
Geneya udan ing mangsa ketiga
Sumangga....
Aku pamit seleh
(udan riwis ing wulan Juni 2022)

Geguritan 2
Ing Sajroning Impen
Dening : Atiek Rachmawati


Ora bakal mokal
Snadyan akeh kang padha kelangan
Ora amung saderma rasa
Kang dadi kuncining raga

Ati bisa kok apusi
Esem ngguyumu bisa nutupi
Dak rasa tetep aku bisa
Guyup melu ndonga tan bisa apa-apa

Iki impenku
Amung teka ndhodhog kori ragaku
Kayadene ngadeg ing ngarepanmu
Ngudhar rasa kaya adat saben ketemu

Ora usah kuwatir
Kabeh wis kalebu pikir
Percaya tumekaning akhir
Kabeh rubeda mesthi bakalan sumingkir

GEGURITAN 3

Jare Simbokku
Dening : Atiek Rachmawati


Jare simbok ora papa
Yen bakalane tiba nganti ndlosar-ndlosor
Apa meneh mung kesrimpet jarit
Ora bakalan kegulung lemah gulung koming


Jare simbok ora papa
Mung ora mangan saben dinane
Sing penting isih bisa turu nglekether
Ora mung kethal-kethil disambi ndremimil

Jare simbok ora papa
Krungu swarane mercon
Snajan njondhil kemanthil-manthil
Angger dudu sing njegog kae
Ndara kaget, banjur mlayu sipat kuping karo cincing
Nanging kepriye nuruti simbok
Lha wong simbok wae wedi
Melu mlayu.....
Malah mbengok paling banter
Banjur kudu nurut sapa ?

Geguritan4
GURIT WAYAH SURUP
Dening : Atiek Rachmawati

Candhik ayu sore iki katon mbesengut
Nora gelem nuduhake esem kaya padatanne
Atine sajak krasa lara amarga rumangsa kapilut
Barang seje kang katon nengsemake

Candhik ayu enggal-enggal kepengin angslup
Akon lunga jalma manungsa kang isih sregep makarya
Kang tanpa kendhat mecaki lurung panguripan
Golek pangupa jiwa kang kala mangsa uga nandhang sangsara

Gurit wayah surup nora amung nyuntak rasa
Lamun bage bisa dadi lantaran pangowahing apa kang dirasa
Ngelari siji mbaka siji grantesaning ati
Lan uga pepenginan kang nedya wis kasembadan

Surup iki begjaku tinemu si candhik ayu
Dadi pepelingku mring Gustiku
Kang ora nate paring janji yen biru mesthi dadi wernaning langit
Nanging mesthi udan bakal kairing dening teja kang nyata

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun