Sepi mamring ora ana swara blas.
Jangkrik wae ora muni.
Orong-orong padha meneng.
Kukukbeluk mung ndekem ing pucuk bendo.
Bence pating sliwer ora ngoceh.
Pratandha ana memedi lagi ungak-ungak ing walike cungkup.
Angin semriwing ngedegake jithok
Lakuku dak rikatake
Nanging tungkak kaya ana sing nggodheli
Nyuwun sewu..., kula nderek langkung Mbah.
Pamitku nalika ngliwati cungkup pesareyane Mbah Karto.
Udud klembak menyan dak sedot alon.
Wangine klembak katut sumilire angin ngalor kaya ibere keblek sing nguber durjana.
Bleg... bleg... bleg... bleg...
Banjur mencok ing cungkup sisih lor
Gedebug!
Aku njondhil ana swara wong tiba banjur mlayu.
Hooeee... bengokku rada keweden.
Sing mlayu tambah keplayu-playu.
Menawa wedi aku apa keblek iku.
Aku ya pingin mlayu nanging tungkakku kaya kabotan watu.
Nyuwun sewu Mbah, kula namung liwat mboten pados jompa-jampi kados tiyang niku.
Saestu.
Kamis Pon malam Jumat WageÂ
22 Agustus 2024
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI