Watara sasi September nganti Desember kuwi usum pelem utawa poh. Wit-wit pelem padha woh pating grandhul. Ana pelem gadung, manalagi, golek, Jawa, lan pelem madu.Â
Ngarep omah ing padesan lan komplek perumahan sing ana latare amba lan ditanduri pelem katon nyenengake.Â
Saking akehe, kadang mesakake bakul woh-wohan sing keliling mikul utawa nganggo pit. Arang payu.
Jaman biyen, isih durung akeh wit pelem uga akeh wong sing isih durung urip kecukupan, yen ana pelem gumandhul bakal dipethik tanpa kandha. Malah isih pencit utawa ya penthil dipetik.Â
Utawa yen para esuk tangi turu bakal golek pelem ceblok ing ngisor wit. Yen nemu senenge ora lumbrah. Apa maneh nemu  bekase codhot.
Jaman saiki, akeh wong padha urip mulya. Sembarang kecukupan. Kepengin pelem bakal tuku. Isin arep njaluk tangga apa maneh methik tanpa kandha.
Semana uga yen weruh pelem ceblok ora bakal dijupuk.Â
Gengsi? Isin? Menawa...
Wolak-walike jaman. Aja maneh wong liya, sing duwe wit wae uga mblenger. Sanajan peleme mateng pating grandhul dijarake wae.Â
Sapa sing gelem dikongkon methik dhewe. Nanging yen tiba saka wit lan tatu ya ditanggung dhewe.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI