Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Puisi Pilihan

Parikan Riyaya [Pantun Lebaran]

24 Mei 2020   17:58 Diperbarui: 24 Mei 2020   17:54 327
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Pawai malam takbiran tahun lalu di desa kami. Dokpri

Methik srikaya ing tegalan wis ati-ati kok ya tiba gedebuk

Iki riyaya ya dina lebaran ra isa silaturahmi merga ana pageblug

Yen santen kuwi parutan kelapa, godhong kelapa arane blarak

Nyuwun ngapunten kelapatan kula, mboten usah jagong mula mboten usah pinarak

Tuku janur digawe kupat tuku ketan digawe serabi

Para sedulur yen ana sing lepat aja pisan-pisan digawa ing ati

Tape sega rasa kecut tambah gula kok tetep ora legi

Aja gela aja methuthut iki riyaya kudu dimarsudi

Sega jagung wis disuguhna lawuh iwak pitik kok mung siji

Barang wis kadhung aja ngersula yen mudik bakal dicegat pulisi

Golek nener ing pinggir segara lungguh suket digawe karo sila

Sedherek Kompasianer kula nyuwun duka namung saged kirim donga

0 0 0

Piye maneh yen pancen kahanane kaya ngene, ora perlu nyalahake liyan. Sing penting saiki padha marsudi supaya enggal bali kaya asale. Wis muga wae kabeh padha slamet lan tansah amemuji kaluhuraning Gusti Kang Maha Asih.

Mugi sedaya tansah rahayu basuki tebih saking corona.

Rahayu...rahayu...

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Puisi Selengkapnya
Lihat Puisi Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun