Sawetara Mbak Sri nembang lagu-lagu lawas, Mas Untung asyik ngomong karo Minul, cah wadon sing nate mampir ing atine.
"Aku ra kabotan yen sliramu melu Mbak Sri utawa nyambut gawe karo sapa wae lan ning endi wae. Sing penting atimu seneng, oleh kaya, lan kanthi bener," jare Mas Untung karo sedela-sedela nglirik Mbak Sri sing lagi nembang.
"Apa pancen kleru pilihanku?" wangsulane Minul karo mesem.
"Dudu ngono tegese. Sliramu njaluk surat keterangan nang Mas Bejo arep boro menyang Lumajang jebul tetep ning kene."
"Pancen mengko bakal nang Lumajang lan Surabaya. Sawetara aku ora bisa adoh karo Mas Untung sanajan mung nyawang," ujare Minul karo menehake sakgelas pudding sing mentas wae dijupuk.
"Bisa tembang barat?"
"Ya mestilah...hla ndhisik awake dhewe tau bebarengan latihan ing bale desa ngono lho. Mengko dak nyanyi kanggo KangMas...," jawab Minul karo banjur ninggal Untung menyang panggung nalika Mbak Sri wis katon arep mudhun.
Untung meneng ora mangsuli, nanging tetep mandeng Minul sing mlaku menyan panggung. Untung kelingan sepuluh tahun kepungkur nalika arep nglamar Minul nanging ora kelakon jalaran dipenggak wong tuwane Minul merga Untung isih dadi pegawe honorer ing kantor kecamatan.Â
"Para sederek ingkanh kinasih...menawi Mbak Sri kala wau nembang lagu-lagu lawas, kula inggih badhe nembang lagu lawas. Mugi sageda pepeling nalika jaman nem-neman. Sumangga midhangetaken.. Dream of Me." Sapane Minul marang para tamu sing melu rapat.
Dream of me