Mohon tunggu...
Mbah Ukik
Mbah Ukik Mohon Tunggu... Buruh - Jajah desa milang kori.

Wong desa

Selanjutnya

Tutup

Filsafat Pilihan

Aja Ubek-ubek Banyu Bening (Jangan Memperkeruh Suasana)

5 Mei 2019   21:57 Diperbarui: 5 Mei 2019   22:34 76
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Banyu kuwi salah sijine kabutuhan utama manungsa sing kudu dicukupi. Ora mung kanggo adus utawa reresik raga nalika reged sawise makarya utawa piranti makarya apa wae. Nanging uga kanggo nyukupi kabutuhan sajrone raga kareben tetep seger.

Sadurunge ana sumur utawa pipa ledeng, manungsa golek banyu ing kali utawa telaga. Mula kali lan telaga tansah dikurmati kanti aweh sesaji jalaran dianggep peparinge Ibu Pertiwi kang tansah welas asih peparing panguripan.

Banyu kang dibutuhake manungsa kuwi banyu bening. Jalaran banyu kang buthek kuwi reged lan ora becik kanggo kasarasan.

Mula umbulan, sumber utawa tuk, lan belik sing nalika jaman biyen kanggo adus para pandhita utawa raja diarani tirtamerta utawa tirta amerta kang ateges banyu suci.

Mula sapa wae sing ubek-ubek banyu bening dadi buthek kuwi dianggep nglakoni kesalahan gedhe lan ora diparengake rana utawa nglakoni apa wae kayata adus lan umbah-umbah ing wektu kang ditetepake.

Kaya dene telaga lan kali kang bening gawe seger lan tentreme urip, semana uga swasana bumi Nuswantara kang gemah ripah loh jinawi tansah dadi tata tentrem lan kerta raharjaning manungsa kang sejati, aja diubek-ubek kanti lesan utawa omongan kang ora ana juntrunge lan gawe ribeting swasana.

Manungsa sejati kuwi kang  lesan lan tumindake tansah  gawe beninge swasana.

Rahayu....rahayu....

Teguh wiyana basuki yuwono.

Jernih dan indah. Dokori
Jernih dan indah. Dokori
Air merupakan salah satu kebutuhan utama manusia yang harus dicukupi. Bukan hanya untuk membersihkan badan setelah bekerja keras dan membersihkan peralatan bekerja. Tetapi juga untuk memenuhi kebutuhan dalam  tubuh manusia agar tetap segar.

Sebelum manusia mengenal sumur dan saluran air minum, manusia mencari air di sungai atau telaga. Maka dari itu sungai dan telaga selalu disakralkan dengan memberi sesaji karena sebagai tempat suci dari Ibu Pertiwi yang memberi kehidupan.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Filsafat Selengkapnya
Lihat Filsafat Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun