Ora ana tumetesing luh nalika aku sembah sungkem ing ngarsane Biyung
kaya dene nalika aku lunga ninggalake omah
jumangka lumaku ngungkuri desa
kairing donga Biyung sing ora kewetu saka lathi
nanging kumandang sajroning galih
mung tumetesing luh pojok netrane Biyung
tembang macapat saka papringan kiwa dalan kang joged tumerak sumiliring bayu
uga gumricik wangan lan kucur ing pinggir galengan
kaya-kaya ngeterake lakuku menyang kutha saderma ngupaya upa
0 0 0 0 0
Yen pancen iki wis tekadmu aku ora isa nggondheli….
bisiking Mas Parno bakal sisihanku
Aku bakal bali Mas …
Ora bakal saklawase ninggal desa sing wis nguripi lan nggedhekake aku
Karo kaca-kaca aku ngeculake gengemane Mas Parno sing kaya ora tega budhalku
0 0 0 0
Bu… nyuwun duka, kula ndamel kuciwaning Panjenengan….
Aturku marang Ibu kairing obahing jabang bayi ing kandutanku
Luh katon mili saka mripate sing nyawang adoh ing tawang
tanganne terus nggegem tanganku kaya nalika nuntun aku blajar mlaku
Sesuk aja nangis ing pasareyane Biyung yen kowe rumangsa keliru pilihanmu...
Sumendal atiku ora bisa ngomong nanging ora tega ndekep Biyung sing mung katon sulaya
0 0 0 0
Buk…Buk…aku dipundhutake Mbah Uti celana karo kaos anyar….
Aku ora semaur
Buk…iki kaose gambar prau
Aku tetep ora semaur
Nanging atiku kaya diiris
wis pitung riyayan ora bisa nukokake klambi anyar anakku
Ora ana maneh luh sing tumetes saka mripatku
aku ora ngempet
nanging pancen wis asat
Sangang riyayan aku lan Adi anakku ngenteni tekane bapake Adi
Sing ora weruh paran lan juntrunge
Mas Heri sing ngajak aku menyang kutha ndeleng gumebyare donya nanging gawe blawure netra
banjur lunga ora ana parane
kajaba Adi sing dadi kenangan
0 0 0 0
Bu, kula nyuwun agunge pangeksami….
Setaun kepungkur
Riyaya Bakda Pasa, 2015
Karang Duren, Malang