Wis dadi ciriné manungsa kudu bisa ndèlèh awak ing êndi papané. Jalaran kaya mangkono kuwi sing bisa marakaké urip bêbarêngan sapadha-padha. Kêkancan lan pasaduluran karo sapa waé. Ora ndêlêng sapa sira sapa ingsung. Kowé jongos aku bêndaramu.
Sabên manungsa pancèn dititahaké béda karo liyan. Nanging dudu kanggo apiké awaké dhéwé lan alané liyan sing bisa dadi crah utawa ora ana kêkancan. Apa manèh pasêduluran. Ananing béda malah kudu bisa kanggo njangkêpi apa sing ora diduwèni awaké dhéwé.
Bagus lan ayunning rupa lan raga, sugih lan orané bandha dudu atêgês pratandhané mulyaning manungsa. Bêcik lan alané solah tingkahé awaké dhéwé kuwi sing dadi pratandha mulyaning manungsa. Mula tansah ndêlêng liyan mung karo nétra bisa dadi blawuré donya kang bêcik. Ndêlêng kanthi rênaning galih malah bisa dadi èndahing apa waé.
Mula aja nganti sapa waé ora gêlêm utawa sutik sêsrawungan karo liyan mung amêrga béda utawa ora padha karo awaké dhéwé. Mbuh béda rupa, agama, budaya, lan pakaryan. Sing sapa gêlêm lan tansah sêsrawungan karo sapa waé bakal urip mulya. Mulya dudu atêgês sugih donya brana. Omah gêdhong pitu magrong-magrong. Bojo têlu lègang-lègong. Têgal sawah amba nganti ora bisa nggarap. Mulya ing kéné atêgês ora tahu kurang nanging tansah didhêmêni liyan. Lara disambangi lan dijamoni. Kêtlarak ditulungi. Kêsambêt didukuni. Tiba ditulungi. Susah diparani. Bungah dikancani. Hla iki jênêngé urip mulya. Nuwun….
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H