"Nyapo rene? Muliho kana! Urusen bojomu!" Bagas ngusir Yeni.
"Mas! Karepmu apa, ta? Sewulan aku diklat neng Jakarta, ora iso telpon sembarang, kok mulih-mulih kowe berubah?" Yeni bingung.
"Sapa sing mau njawabi telpon wes duwe bojo? Sapa sing muni kon golek wong liya mau? Wong wedok lambene ra nggenah!" omongane Bagas kasar marang Yeni.
"Sik ... sik ... Mas Bagas telpon aku? Kapan, Mas? Telponku ra tau ono panggilan saka kowe. Iki, lho, buktine!" Yeni ngelungne HPne.
Bagas ora percaya. Dibuka lan dipriksa HPne Yeni kanthi nesu. Ora ana panggilan saka nomere dewe. Malah Yeni sing bola-bali telepon Bagas.
Iseh ora percaya, mbuka HPne dewe. Dideleng jeneng sing ditelepon mau, tulisane yo Yeni. Banjur dicek nomere, tibake nomer sing disimpen beda.
Jeneng Yeni pancen mung siji ning HPne Bagas. Nanging ana rong nomer, sing beda operator uga beda wonge. Tibake Bagas sing keliru nyimpen nomer telepon, Yenine pancen loro. Sing siji mantan pacare, sijine tunangane.
Ngerumangsani salah --mumpung  Yeni iseh ngadek ning ngarepÂ

Dipersembahkan khusus untuk Kompasiana.
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI