Sore iki mau mulih kerjo weteng luwe, trus mampir neng angkringan. Sekalian dolan wis suwe ora sowan karo Mbah Karto.
....
"Assalamualaikum mbah..." Sapaku sambil clingak clinguk.
"Wa'alaikum salam...wealah kowe to le...tumben mrene ono perlu opo??", Sahut Mbah Karto
"Namung mampir niki ogh mbah, wetenge ngelih, hee... nggih sekalian badhe nyuwun donga pangestu sampean, supados kulo lancar sing golek bojo mbah..." Jelasku sambil malu-malu.
"Eeaalaahh... kowe durung payu to le.... Lah sing sewulan wingi mbok goncengke pas ketemu mbah e kae njur sopo?', tanya Mbah Karto.
"He..heee.. owwh niko mpun putus jee mbah", jawabku
"Trus wingi mbah yo ngerti kowe boncengke cewek bedo meneh, pas liwat pasar, opo pacarmu anyar meneh?" Tanya Mbah Karto penasaran
"Waduhh,, mbah nek niku namung rencang, biasa rencang dolan ngalor ngidul...." (wah padahal wis ndelik2 isih ngerti wae) batinku
"Ngene yo ngger, tak kandani yen golek bojo iku kudu sing teliti ben ora gelo ing tembe mburine... Kowe kudu ngerti marang BOBOT.BIBIT lan BEBET..." Terang Mbah Karto pelan.
"Yen niku kulo sampun ngertos mbah... Bobot niku artine abot to mbah??? berarti kulo kudu golek bojo sing gendut yo mbah???" Jawabku sekenanya.
"Ngawuuur... !! BOBOT iku maksute kualitas calon bojomu termasuk pendidikane, nyambut gawene lan taat agamane....Yen bibit wes ngerti durung???" Mbah Karto takon meneh
"hahahaaha... gampang ditebak niku mbah... yen bibit kan kudu nandur bibit rumiyin neng wetenge calon bojone... bener to mbah??? xixixiixiixi... Jawabku sambil mringis.
"Nandur bibit dengkulmu mlocoot...!!!!! BIBIT iku artine kowe kudu ngerti asal usul e bojomu,, keadaan kluargane apik opo ora,, kowe kudu ngerti kuwi le.." Jawab Mbah Karto rodo banter.
"Lha yen bebet niku nopo mbah??" (Sambil kukur2)
"BEBET iku maksute kowe kudu ngerti pergaulane calon bojomu lan lingkungane...paham to?? Jawabnya singkat.
"Paham mbah..matur nuwun sampun diparingi nasehat..kulo badhe pamit rumiyin mbah..." Pamitku.
"Yowis gek ndang leren, orasah mampir-mampir meneh, digolekki mbok mu mengko, Ojo Lali kui mau pesene simbah, ojo cengengesan wae" Pesan Mbah Karto.
_____
(Terinspirasi dari Sardotcs.com)
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI