Mohon tunggu...
Anita Rakhmi Shintasari
Anita Rakhmi Shintasari Mohon Tunggu... Guru - Belajar untuk menebar manfaat

Sebagai seorang guru, membaca dan menulis menjadi aktivitas yang wajib dan menyenangkan tentunya. Bergabung di blog menjadi wahana untuk berlatih dan belajar.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Ketemu Mantan Gebetan

25 November 2021   13:12 Diperbarui: 25 November 2021   13:17 111
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Asih mesam mesem dewe kelingan anggone jagongan ning WA karo kancane pramuka biyen. Asline yen entuk jujur Asih biyen nate duwe rasa sir karo bocah kuwi. Nanging biyen ora kewetu. Asih dewe ora ngiro yen bakal ketemu maneh, padahal wis puluhan taun ora nate krungu kabare. Dasare bocahe grapyak tur apikan, mulane Asih seneng wae disapa ning medsos. Apa maneh banjur  diajak gabung grup bareng kanca-kanca pramuka sansaya seneng atine Asih.

Jenenge Awan, biyen cilik lencir tur isinan. Yen dijak omong clingus ora wani nyawang. Asih biyen pancen tomboy, dadi akeh kanca lanang sing akrab timbang bocah wadon. Kekancan karo Awan jane ora suwe, amarga sakwise lulus SMP wis ora nate kirim kabar. Ketemu maneh jaman Asih wis kuliah, kuwi yo mung iso diitung driji. Asih yo wis lali karo pangrasane. Nanging bedo karo Awan. Saiki Awan luwih agresif lan akeh omonge. Kanthi basa kiasan Awan nyetakke rasa penasarane marang Asih, kenapa biyen seneng dolan ning omahe Awan. Opo pancen ana rasa utowo Awan sing kegeden rasa.

Asih ora wani kemecap. Ning batin mung kudu ngguyu. Kedadeyan puluhan taun kepungkur mosok arep diomong saiki, iso dadi malati. Masiyo koyo ngono Asih ora banjur nuruti pitakone Awan. Ben Awan golek jawaban dewe. Asih ora kepengin leh kekancan dadi rusak mergo crita lawas sing mung ana ning njero ati. Kanggone Asih kekancan kuwi luwih nyenengake yen ora ditambahi bumbu sing neko-neko, tulus kekancan wae, supoyo kabeh iso dijogo, yo rasa yo keluwarga. Aja nganti tragedi reuni dibaleni, mundhak akeh sing wedi reuni mergo  ndadekke wong podo panas ati. Cukup disimpen ning njero ati wae rasa bungah iso ketemu maneh, jagongan maneh kaya jaman biyen, sing penting pada iso njogo watesan ben ora kebablasan.

Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun